Indeks Ikon, Indeks saha Simbol

28 kapanggihaken wonten ing cakepan saking sekar-sekar wonten ing Album Munajat Tresna anggitanipun Didi Kempot ingkang gadhah unsur ikon, indeks saha simbol. Salebeting cakepan sekar campursari menika langkung kathah ngginakaken basa Jawi dialek Solo saha Jawa Tengah. Wonten ugi ukara ingkang dipunseseli kaliyan basa Indonesia utawi sanesipun salebeting cakepan sekar.

C. Cara Ngempalaken Data

Anggenipun ngempalaken data dipuntindakaken kanthi teknik nyemak saha teknik nyathet. Panaliti kaping pisan nyemak tuturan cakepan sekar-sekar ingkang wonten ing Album Munajat Tresna anggitanipun Didi Kempot kangge mangertosi tegesipun tembung saha manggihaken data ingkang dipunkersakaken. Kaping kalih, dipuntindakaken teknik nyathet. Teknik nyathet dipuntindakaken dening panaliti kanthi nyathet sedaya cakepan ingkang gadhah unsur ikon, indeks saha simbol salebeting pacelathon ing sekar campursari kasebut. Anggenipun ngempalaken data dipuntindakaken kanthi; 1. Teknik nyemak: panaliti ningali, mirengaken saha nggatosaken struktur ingkang gadhah unsur ikon, indeks saha simbol salebeting sekar-sekar Album Munajat Tresna anggitanipun Didi Kempot. Cara menika dipuntindakaken kangge manggihaken makna saking cakepan sekar-sekar kasebut. 2. Kangge manggihaken wujuding struktur ingkang gadhah unsur ikon, indeks saha simbol utawi saking basa denotatif dhumateng konotatif, sedaya data dipunjumbuhaken kaliyan teori ingkang dipundadosaken landhesan. 29 3. Kangge manggihaken makna saking cakepan ingkang gadhah unsur ikon, indeks saha simbol kasebut, panaliti gayutaken konteks kaliyan cakepan salebeting sekar Album Munajat Tresna anggitanipun Didi Kempot.

D. Instrument Panaliten

Adhedhasar teknik ngempalaken data ing inggil, piranti ngempalaken data ingkang dipunginakaken inggih menika kartu data saha panaliti piyambak. Kartu data dipunginakaken kangge nyerat data ingkang dipunpanggihaken. Tabel analisis dipunginakaken kangge nganalisis data ingkang sampun dipunpanggihaken saha dipunlebetaken ing kartu data. Piranti sanesipun inggih menika panaliti piyambak utawi human instrument. Miturut pamanggihipun Moleong 2007: 19, human instrument dipunginakaken amargi panaliti minangka piranti kangge ngempalaken data. Alsa 2003 : 39 ngandharaken bilih panaliti minangka instrument ingkang utami, saengga saged ngempalaken data kados kasunyatan ingkang wonten ing lapangan. Endraswara 2011: 7 ngandharaken bilih panaliti gadhah tugas kangge nedahaken makna saha fungsi sajroning karya sastra, kanthi nafsiraken gayut kaliyan paradigma saha teori ingkang dipunginakaken. Saking andharan kalawau saged dipunpendet dudutan bilih human instrument inggih menika panaliti minangka piranti ingkang utami kangge ngempalaken data ingkang gayut kaliyan kasunyatan ing panaliten. Panaliti nganalisis unsur ikon, indeks saha simbol ingkang dipunkempalaken. Caranipun inggih menika panaliti mangertosi konteks strukturipun, lajeng dipungayutaken kaliyan wujud struktur ing sekar-sekar