22
wonten gayutanipun kaliyan objek-objek ingkang arupi sami, kawontenan ingkang gadhah gegayutan sabab kadadosan utawi amargi wonten ing ikatan
konvensional kaliyan tandha-tandha kasebut. Sobur 2013 : 41 ngandharaken bilih adhedhasar objekipun tandha miturut Pierce dipunperang dados ikon, indeks
saha simbol.
1. Ikon
Ikon minangka tandha ingkang penandha saha petandhanipun gadhah arupi ingkang sami. Tuladhanipun gambar kursi penandha nedahaken kursi ingkang
sajatosipun petandha. Ikonisitas ingkang mirunggan asring dipunsebat mise en abyme arupi deskripsi ingkang ngadharaken kaselarasan semantis kanthi objek
ingkang dipunacu Sudjiman, 1992 : 22. Zoest 1996 : 8-9 sami kaliyan Sudjiman ngandharaken bilih ikon ngrembag gegayutan tandha saha acuanipun,
gayutan kasebut saged arupi perangan ingkang radi sami. Langkung malih ikon saged kaperang dados tiga inggih menika, ikon tipologis, ikon diagramatik saha
ikon metaforis. Ikon tipologis inggih menika ikon saking tlatah spasialitas profil, garis,
wujud. Ikon diagramatik dipunsebat ugi ikon relasional utawi ikon struktural. Pierce ngandhraken bilih ikon diagramatik nedahaken gayutan dialik utawi
nanggep sami perangan saking bab kanthi gayutan analogis kaliyan perangan aslinipun. Ingkang kaping tiga ikon metaforis, ikon metaforis nedahaken karakter
ingkang mirunggan saking tandha ingkang makili paralelisme pinten-pinten hal sanes.
23
Ikon minangka tandha gadhah fungsi kangge nedahaken kawontenan minangka sesulih saking penandha ikon kasebut. Fungsi ikon kangge nyebataken
panggenan, nedahaken ikon saking salah satunggaling aktivitas, saha kangge nedahaken kawontenan tiyang. Tuladha saking fungsi ikon kangge nyebataken
panggenan inggih menika Stasiun Balapan minangka ikon saking kutha Solo. Tuladha saking ikon kangge nedahaken salah satunggaling aktivitas inggih menika
dadah minangka ikon saking aktivitas ngebahaken asta. Tuladha saking ikon minangka kawontenan tiyang inggih menika senut-senut minangka ikon saking
kawontenan tiyang ingkang nembe mumet.
2. Indeks
Indeks inggih menika tandha ingkang penandha saha pratandhanipun nedahaken gayutan kecaketan eksistensi saha saged ugi nedahaken gayutan
kausalitas. Indeks dados tandha nalika taksih saged damel asosiasi gayutan kaliyan acuan sanes. Wonten ing indeks saged dipungayutaken antawis tandha
minangka penandha saha pratandhanipun. Tuladhaipun kukus, menika nglambangaken bilih wonten geni. Sobur 2013 : 41 ngandharaken bilih indeks
inggih menika tandha ingkang nedahaken wontenipun gayutan alamiah antawis tandha saha pratandha ingkang asipat kausal utawi gayutan sabab kadadosan,
utawi tandha ingkang langsung ngacu wonten kasunyatanipun. Pierce ing Marty 2001 : 68 mbedakaken indeks dados tigang jinis inggih
menika L’indice trace, L’indice empreinte saha L’indice indication. L’indice trace
inggih menika tandha ingkang nedahaken kaarupinan kwalitas objekipun
24
adhedhasar koneksi nyata kaliyan objek kasebut. L’indice empreinte inggih
menika tandha ingkang nedahaken gayutan diadik utawi nganggep sami kwalitas objekipun adhedhasar koneksi utawi gayutan nyata kaliyan objek. Ingkang
pungkasan inggih menika L’indice indication arupi tandha ingkang nedahaken
gayutan triadik utawi anggep wonten kasamian kalih acuan kwalitas objekipun adhedhasar koneksi utawi gayutan nyata kaliyan objek kasebut.
Fungsi saking indeks bilih dipuntingali saking teges indeks piyambak inggih menika kangge nedahaken gegayutan sabab kadadosan. Tuladha saking
fungsi indeks inggih menika mawar alum amargi boten dipunsiram.
3. Simbol
Simbol inggih menika penandha saha pratandhanipun nedahaken wonten gayutan ingkang asipat arbriter, inggih menika adhedhasar konvensi. Mounin
1994 : 245 nyebataken bilih simbol inggih menika tandha ingkang dipundamel dening kasunyatan ingkang asipat konvensional saha dipunginakaken kanthi
sengaja. Pierce wonten ing Marty 2001 : 69 mbedakaken simbol dados tiga inggih
menika Le simbole embleme, Le simbole allegorie saha Le simbole ecthese. Le simbole embleme inggih menika tandha ingkang nedahaken gayutan kasamian
sipat dhasar kanthi konvensional ingkang dipungayutaken kaliyan kualitas kasamian sipat dhasar sanes, ingkang dipuntedahaken dening objek kasebut. Le
simbole allegorie inggih menika tandha ingkang nedahaken gayutan diadik utawi nganggep sami sipat dhasaripun ingkang sanes, ingkang nedahaken objek kasebat.
25
Simbol ingkang pungkasan inggih menika Le simbole ecthese inggih menika tandha ingkang nedahaken gayutan triadik utawi nganggep wonten kasamian kalih
acuan sipat dhasar kanthi konvensional ingkang dipungayutaken kaliyan kualitas triadik sipat dhasar ingkang dipuntedahaken objek kasebat.
Fungsi simbol wonten kalih inggih menika kangge nyebataken sesulih saking salah satunggaling tiyang saha kangge nedahaken kawontenan tiyang.
Tuladha saking fungsi simbol kangge nyebataken sesulih saking salah satunggaling tiyang inggih menika dhik minangka simbol saking tiyang ingkang
dipuntresnani. Tuladha saking fungsi simbol kangge nedahaken kawontenan tiyang inggih menika mawar alum minangka simbol saking tiyang ingkang
kasepen amargi boten wonten ingkang ngancani.
F. Panaliten Ingkang Jumbuh
Panaliten ingkang jumbuh inggih menika kanthi irah-irahan babagan Analisis Semiotik Syair Lagu Keroncong Karya Gesang Martohartono
anggitanipun Ning Rohmatun taun 2012, ingkang paring dudutan bilih semiotik menika ngelmu ingkang ngrembag babagan paedahipun tandha saha pralambang.
Panaliten menika ngangge pendekatan semiotik inggih menika awujud ngelmu ingkang ngrembag objek-objek, prastawa-prastawa, sedaya kabudayan ingkang
gegayutan kaliyan tandha inggih menika ikon, indeks saha simbol. Panaliten ing inggil wonten gegayutan kaliyan panaliten ingkang
dipuntindakaken. Gegayutanipun ngengingi babagan analisis semiotik wonten ing sekar. Ugi sami ngrembag babagan ikon, indeks saha simbol ing syair sekar.