Fungsi Unsur Semiotik Salebeting Sekar Plong

99

j. Fungsi Unsur Semiotik Salebeting Sekar Tanjung Mas Ninggal Janji

Wonten ing cakepan sekar Tanjung Mas Ninggal Janji anggitanipun Didi Kempot kapanggihaken fungsi unsur semiotik. Fungsi unsur semiotik saking cakepan sekar Tanjung Mas Ninggal Janji saged dipuntingali wonten ing ngandhap menika. Neng pelabuhan Tanjung Mas kene Biyen aku ngeterke kowe Neng pelabuhan Semarang kene Aku tansah ngenteni kowe Fungsi ikon wonten ing cakepan dipunginakaken kangge nedahaken penandha saha pratandha gadhah arupi ingkang sami utawi gadhah sipat alami. Ikon wonten ing cakepan menika kangge nyebataken panggenan minangka ikon saking salah satunggaling kutha, wonten ing konteks sekar Tanjung Emas Ninggal Janji minangka ikon panggenan minangka pratandha kutha Semarang. Bebasan kaya ngenteni Udan ing mangsa ketiga Senajan mung sedela ora dadi ngapa Penting bisa ngadhemke ati Fungsi simbol wonten ing cakepan dipunginakaken kangge nedahaken gayutan ingkang asipat boten alami utawi arbriter. Simbol wonten ing cakepan menika nedahaken kawontenan tiyang ingkang nandhang kangen marang tiyang ingkang dipuntresnani. Indeks wonten ing cakepan menika dipunginakaken kangge nedahaken gegayutan sabab kadadosan pangareping tiyang ingkang kepengin kepanggih kaliyan tiyang ingkang dipuntresnani kangge ngudar raos kangen. Semana uga rasane atiku Mung tansah nunggu tekamu Ra krasa setaun kowe ninggal aku Kangen kangene atiku 100 Fungsi indeks wonten ing cakepan dipunginakaken kangge nedahaken sabab kadadosan. Indeks wonten ing cakepan menika dipunginakaken kangge nedahaken gegayutan sabab kadadosan tiyang ingkang kangen amargi sampun setaun dipuntilar tiyang ingkang dipuntresnani. 100 BAB V PANUTUP

A. Dudutan

Adhedhasar asiling panaliten saha pirembagan Analisis Semiotik Cakepan Sekar Campursari Anggitanipun Didi Kempot Album Munajat Tresna saged dipunpendhet dudutan ing ngandhap menika. 1. Unsur semiotik salebeting sekar campursari Album Munajat Tresna anggitanipun Didi Kempot kaperang dados tiga, inggih menika: a. Ikon inggih menika tandha ingkang saged nggambaraken titikan ingkang utami. Salebeting Album Munajat Tresna anggitanipun Didi Kempot kapanggihaken ikon ingkang gadhah fungsi kangge nedahaken panggenan kadosta Stasiun Balapan minangka ikon kutha Solo ing sekar Stasiun Balapan. Fungsi sanes ingkang kapanggihaken inggih menika kangge nedahaken salah satunggaling aktivitas kadosta ‘dah’ minangka ikon ngebahaken asta. Fungsi ikon ingkang pungkasan inggih menika kangge nedahaken kawontenan tiyang kadosta ‘plong’ minangka ikon saking kawontenan tiyang ingkang sampun lega. b. Indeks kagolong tandha ingkang nggadhahi gegayutan sabab kadadosan kaliyan menapa ingkang dipunwakilaken utawi tandha menika dados bukti kasunyatan. Salebeting Album Munajat Tresna anggitanipun Didi Kempot kapanggihaken indeks ingkang gadhah fungsi kangge nedahaken gegayutan sabab kadadosan. c. Simbol utawi pralambang inggih menika lambang-lambang ingkang saged njlentrehaken makna simbolis ingkang nyata saha cermat. Simbol saged