Ikon Ikon, Indeks saha Simbol

27 BAB III CARANIPUN PANALITEN

A. Jinising Panaliten

Panaliten menika ngginakaken jinis panaliten deskriptif. Wonten ing panaliten menika, panaliti nggambaraken kadospundi cakepan ingkang dipunginakaken ing Album Munajat Tresna anggitanipun Didi Kempot. Sekar- sekar ingkang kalebet ing album, inggih menika Munajat Tresna, Dhik, Jambu Alas, Nanggap Campursari, Sekonyong Konyong Koder, Plong, Cucak Rawa, Stasiun Balapan, Sewu Kutha saha Tanjung Mas Ninggal Janji. Metode panaliten deskriptif dipunginakaken amargi panaliti ngandharaken babagan tembung- tembung utawi babagan semiotik ingkang gegayutan kaliyan ikon, indeks saha simbol salebeting Album Munajat Tresna anggitanipun Didi Kempot. Ikon, indeks saha simbol menika kalebet basa ingkang dipunbedhah saking satunggaling sistem pralambang ingkang saged dipunmangertosi kanthi cara lisan utawi tulis.

B. Sumber Data

Sumber data panaliten inggih menika sekar-sekar salebeting Album Munajat Tresna anggitanipun Didi Kempot. Sekar ingkang kapendhet kangge panaliten inggih menika saking DVD Karaoke Didi Kempot ingkang dipunrilis 21 Januari 2009, produksi saking PT. Nagaswara. Sekar-sekar ingkang kalebet ing album, inggih menika Munajat Tresna, Dhik, Jambu Alas, Nanggap Campursari, Sekonyong Konyong Koder, Plong, Cucak Rawa, Stasiun Balapan, Sewu Kutha saha Tanjung Mas Ninggal Janji. Data wonten ing panaliten menika 28 kapanggihaken wonten ing cakepan saking sekar-sekar wonten ing Album Munajat Tresna anggitanipun Didi Kempot ingkang gadhah unsur ikon, indeks saha simbol. Salebeting cakepan sekar campursari menika langkung kathah ngginakaken basa Jawi dialek Solo saha Jawa Tengah. Wonten ugi ukara ingkang dipunseseli kaliyan basa Indonesia utawi sanesipun salebeting cakepan sekar.

C. Cara Ngempalaken Data

Anggenipun ngempalaken data dipuntindakaken kanthi teknik nyemak saha teknik nyathet. Panaliti kaping pisan nyemak tuturan cakepan sekar-sekar ingkang wonten ing Album Munajat Tresna anggitanipun Didi Kempot kangge mangertosi tegesipun tembung saha manggihaken data ingkang dipunkersakaken. Kaping kalih, dipuntindakaken teknik nyathet. Teknik nyathet dipuntindakaken dening panaliti kanthi nyathet sedaya cakepan ingkang gadhah unsur ikon, indeks saha simbol salebeting pacelathon ing sekar campursari kasebut. Anggenipun ngempalaken data dipuntindakaken kanthi; 1. Teknik nyemak: panaliti ningali, mirengaken saha nggatosaken struktur ingkang gadhah unsur ikon, indeks saha simbol salebeting sekar-sekar Album Munajat Tresna anggitanipun Didi Kempot. Cara menika dipuntindakaken kangge manggihaken makna saking cakepan sekar-sekar kasebut. 2. Kangge manggihaken wujuding struktur ingkang gadhah unsur ikon, indeks saha simbol utawi saking basa denotatif dhumateng konotatif, sedaya data dipunjumbuhaken kaliyan teori ingkang dipundadosaken landhesan.