Campursari Karya Sastra Jawa

17 Salajengipun kados pamanggihipun Sudjiman 1992 : 5, bilih semiotik inggih menika ngelmu babagan tandha ingkang gegayutan kaliyan cara fungsinipun, gegayutan kaliyan tandha-tandha sanes saha paedah saking masarakat pangangge basa. Miturut Alex Sobur 2006 : 95, kanthi cara terminologis semiotik saged dipunjlentrehaken ngelmu ingkang nyinaoni babagan objek-objek, prastawa-prastawa, saha sedaya kabudayan ingkang gegayutan kaliyan tandha. Saking pangertosan-pangertosan ing inggil saged dipundudut pangertosan bilih semiotik inggih menika ngelmu ingkang ngrembag babagan panganggening tandha gegayutan kaliyan maknanipun ingkang salebetipun ngemu perangan ikon, indeks saha simbol.

C. Analisis Semiotik

Miturut KBBI 2006 : 43 “Analisis inggih menika babagan pokok saking sedaya perangan ingkang gayut kaliyan perangan sanes kangge pikanthuk pangertosan kanthi leres saha pamahaman inkang wiyar”. Semiotik wonten ing kritik sastra dipunginakaken kangge paring teges tumrap karya sastra. Karya sastra inggih menika sistem tandha ingkang nggadhahi makna. Sedaya karya sastra menika gegayutan kaliyan tandha-tandha ingkang nggadhahi pangertosan utawi makna. Miturut Culler 1981 anggenipun maknani karya sastra menika dipunsebat dados pemburuan tandha-tandha the pursuit of signs. 18 Miturut Riffaterre wonten ing buku Semiotics of Poetry dipunjlentrehaken wigatosipun tandha boten namung saking basa utawi teges denotatif, namung ugi maknanipun basa saha swasana, pangertosan ingkang dipunjumbuhaken kaliyan tandha-tandha umpaminipun saking konvensi sastra ingkang awujud purwakanthi saha makna seni. Wonten sekawan perangan ingkang wigatos ing metode semiotik, inggih menika teges saking tembung ingkang dados beda, pamaosan heuristik saha hermeneutik, kata kunci, saha hipogram. Teges ingkang beda saged dipunsababaken saking panganggening metafora saha metonemia. Sabab sanes saking teges ingkang beda inggih menika penyimpangan teges saking tandha. Penyimpangan teges dipunsebabaken saking ambiguitas, kontradiksi, saha nonsense. Riffaterre wonten ing Pradopo, 1994: 98. Miturut Pradopo 2012: 268, ngandharaken bilih maos kanthi heuristik inggih menika maos adhedhasar sistem semiotik tingkat sapisan, maksudipun inggih maos adhedhasar konvensi basa Jawa. Langkung malih Pradopo 2012: 269, ngandharaken bilih wonten ing ngandharaken teges basanipun menawi prelu susunan ukara kawalik kados dene susunan tata basa normatif utawi salimrahipun. Salajengipun dipunsukani wuwuhan, tembung panggandheng, ingkang dipunserat wonten ing tandha kurung .... Tetembunganipun kawangsulaken kados dene wujud morfologi-nipun ingkang limrah. Saged ugi menawi kabetahaken, ukara ing karya sastra menika dipunsukani seselan tembung, dasanama sinonim, lajeng kalebetaken wonten ing tandha kurung supados tegesipun langkung cetha.