Unsur Semiotik Salebeting Sekar Jambu Alas

81 Akuan puisi ngandharaken bilih kenya ayu bakul lemper menika sampun katresnan saking tresnanipun dados paribasan wantun paring panjer awit saking ningali kawontenan bakul lemper ingkang ayu.

f. Unsur Semiotik salebeting Sekar Plong

1 Ikon Salebeting Cakepan Sekar Plong Wonten ing cakepan sekar Plong anggitanipun Didi Kempot kapanggihaken unsur semiotik ingkang arupi ikon. Ikon saged dipuntingali bilih antawis tandha kaliyan pratandhanipun taksih wonten gayut ingkang alamiah saha ciri ingkang kirang langkung sami. ‘Rasane mak plong’ saha ‘nyut-nyut’ minangka ikon wonten ing cakepan sekar Plong saged dipuntingali salebeting pada menika. Plong rasane jero dhadhaku Rasane mak plong lega atiku Wis ora nyut- nyut sirahku Saiki aku wis ora ngelu Wonten ing cakepan ing inggil tuladha saking ikon saged dipuntingali wonten ing tembung mak plong. Mak plong ingkang arupi onomatope minangka tiruan bunyi saking raos lega wonten ing konteks dados ikon saking raos lega ing dhadha akuan puisi. Tembung nyut-nyut minangka ikon saking mustaka ingkang mumet. Tuladha ikon ingkang kaping tiga ‘dag dig dug’ salebeting sekar Plong saged dipuntingali ing ngandhap menika. Plong rasane jero dhadhaku Rasane mak plong lega atiku Wis ora dag dig dug jantungku Saiki aku wis ketemu Wonten cakepan ing inggil tuladha saking ikon saged dipuntingali wonten ing tembung ‘dag dig dug’. Tembung ‘dag dig dug’ ingkang arupi onomatope 82 minangka tiruan bunyi saking swanten jantung dados ikon saking raos lega amargi sampun kepanggih kaliyan tiyang ingkang dipuntresnani. 2 Indeks Salebeting Cakepan Sekar Plong Wonten ing cakepan sekar Plong anggitanipun Didi Kempot kapanggihaken unsur semiotik ingkang arupi indeks. Indeks saged dipuntingali bilih antawis tandha kaliyan pratandhanipun wonten gegayutanipun, saged arupi sabab saha kadadosanipun. ‘Plong’ minangka indeks wonten ing cakepan sekar Plong saged dipuntingali salebeting pada menika. Plong rasane jero dhadhaku Rasane mak plong lega atiku Wis ora nyut- nyut sirahku Saiki aku wis ora ngelu Bilih dipungayutaken kaliyan larik salajengipun saged dipuntingali indeks saking cakepan menika bilih plong lega atiku kaliyan ora nyut-nyut sirahku minangka indeks saking kawontenanipun akuan puisi ingkang boten ngelu. Kanthi konteks bilih akuan puisi sampun boten ngelu saking kawontenan mikir semahipun amargi sampun wangsul. Tuladha indeks sanesipun ‘gelem bali neng omahku’ salebeting cakepan sekar Plong saged dipuntingali ing ngandhap menika. Rasane kaya ketiban ndaru Lintang kamulyan nibani dhadhaku Sing lali wis eling karo aku Gelem mulih gelem bali neng umahku Tuladha indeks wonten cakepan menika saged dipuntingali saking ukara ‘gelem bali nang omahku’. Cakepan menika minangka indeks saking cakepan sa derengipun inggih menika ‘sing lali wes eling karo aku’. Indeks menika ngewrat babagan kenya ingkang dipuntresnani sampun wangsul amargi kemutan kaliyan semahipun.