Fungsi Unsur Semiotik Salebeting Sekar Cucak Rawa

100 BAB V PANUTUP

A. Dudutan

Adhedhasar asiling panaliten saha pirembagan Analisis Semiotik Cakepan Sekar Campursari Anggitanipun Didi Kempot Album Munajat Tresna saged dipunpendhet dudutan ing ngandhap menika. 1. Unsur semiotik salebeting sekar campursari Album Munajat Tresna anggitanipun Didi Kempot kaperang dados tiga, inggih menika: a. Ikon inggih menika tandha ingkang saged nggambaraken titikan ingkang utami. Salebeting Album Munajat Tresna anggitanipun Didi Kempot kapanggihaken ikon ingkang gadhah fungsi kangge nedahaken panggenan kadosta Stasiun Balapan minangka ikon kutha Solo ing sekar Stasiun Balapan. Fungsi sanes ingkang kapanggihaken inggih menika kangge nedahaken salah satunggaling aktivitas kadosta ‘dah’ minangka ikon ngebahaken asta. Fungsi ikon ingkang pungkasan inggih menika kangge nedahaken kawontenan tiyang kadosta ‘plong’ minangka ikon saking kawontenan tiyang ingkang sampun lega. b. Indeks kagolong tandha ingkang nggadhahi gegayutan sabab kadadosan kaliyan menapa ingkang dipunwakilaken utawi tandha menika dados bukti kasunyatan. Salebeting Album Munajat Tresna anggitanipun Didi Kempot kapanggihaken indeks ingkang gadhah fungsi kangge nedahaken gegayutan sabab kadadosan. c. Simbol utawi pralambang inggih menika lambang-lambang ingkang saged njlentrehaken makna simbolis ingkang nyata saha cermat. Simbol saged 101 dipunmangertosi bilih tiyang menika sampun saged mangertos dhateng teges utawi makna saking objek ingkang sampun dipunsarujuki saderingipun. Fungsi simbol salebeting Album Munajat Tresna kangge nedahaken kawontenan tiyang, saha kangge sesulih saking salah satunggaling tiyang. 2. Pamaosing teks kanthi heuristik saha hermeneutik salebeting sekar campursari Album Munajat Tresna. a. Pamaosing teks kanthi heuristik saha hermeneutik salebeting sekar Munajat Tresna. Kanthi cara heuristik saged dipunwaos: Wengi iki aku tansah ngenteni Tanpa ana kanca sing ngancani oRa kaya wengi wingi Sing wis tak liwati Atiku iki mung tansah sepi Wis ora ana kenya sing nresnani Tresna ilang neng njero ati ya Mung dilarani duh Gusti kula nyuwun tulung Tresna ingkang kula suwun namung Tulus suci nganti mati Setya ana ing janji Kembang mawar alum tak sawang Wis ora ana banyu sing kanggo nyiram Kaya uripku iki Sing dilarani kenya Saking sekar menika bilih dipunwaos kanthi hermeneutik akuan puisi ngraos sepen tansah sepi amargi piyambakan boten wonten kenya ingkang ngancani tanpa kanca sing ngancani saha boten wonten ingkang nresnani wis ra ana sing nresnani saha saged dados kanca anggenipun ngudarasa. Saking raos sepen kalawau amargi akuan puisi ngraos dipunsakiti dening pepujanipun, ngantos-antos kados kembang mawar ingkang alum amargi boten wonten ingkang nyirami. Kembang mawar wonten ing konteks menika bilih dipuntingali kanthi hermeneutik dados akuan puisi ingkang sepen