Fungsi Unsur Semiotik Salebeting Sekar Dhik

96 bingah amargi tiyang ingkang dipuntresnani purun kondur dhumateng piyambakipun.

g. Fungsi Unsur Semiotik Salebeting Sekar Cucak Rawa

Wonten ing cakepan sekar Cucak Rawa anggitanipun Didi Kempot kapanggihaken fungsi unsur semiotik. Fungsi unsur semiotik saking cakepan sekar Cucak Rawa saged dipuntingali wonten ing ngandhap menika. Manuke-manuke cucak rawa Cucak rawa dawa buntute Buntute sing akeh wulune yen digoyang ser…ser Adhuh enake Fungsi ikon wonten ing cakepan dipunginakaken kangge nedahaken penandha saha pratandha gadhah arupi ingkang sami utawi gadhah sipat alami. Ikon wonten ing cakepan menika kangge nedahaken salah satunggaling aktivitas goyang ingkang gadhah onomatope ‘ser…ser’. Indeks wonten ing cakepan menika dipunginakaken kangge nedahaken gegayutan sabab kadadosan bilih nalika dipungoyang ngraosaken enak. Jamane-jaman edan Wong tuwa rabi perawan Perawane yen bengi nangis wae Amarga wedi karo manuke Fungsi indeks wonten ing cakepan dipunginakaken kangge nedahaken sabab kadadosan. Indeks wonten ing cakepan menika dipunginakaken kangge nedahaken gegayutan sabab kadadosan jaman edan amargi wonten tiyang sepuh ingkang ngrabi perawan. Fungsi indeks sanesipun wonten ing cakepan menika 97 dipunginakaken kangge nedahaken gegayutan sabab kadadosan perawan ingkang nangis amargi wedi dhumateng peksinipun tiyang sepuh kalawau. Kucoba-coba melempar manggis Manggis kulempar mangga ku dapat Kucoba-coba melamar gadis Gadis ku lamar janda ku dapat Fungsi simbol wonten ing cakepan dipunginakaken kangge nedahaken gayutan ingkang asipat boten alami utawi arbriter. Simbol wonten ing cakepan menika nendahaken salah satunggaling tiyang ingkang nyobi nglamar gadis. Fungsi simbol sanesipun inggih menika nendahaken salah satunggaling tiyang ingkang pikanthuk janda sanajan nglamar gadis.

h. Fungsi Unsur Semiotik Salebeting Sekar Stasiun Balapan

Wonten ing cakepan sekar Stasiun Balapan anggitanipun Didi Kempot kapanggihaken fungsi unsur semiotik. Fungsi unsur semiotik saking cakepan sekar Stasiun Balapan saged dipuntingali wonten ing ngandhap menika. Neng Stasiun Balapan Kutha Solo sing dadi kenangan Kowe karo aku Nalika ngeterke lungamu Fungsi ikon wonten ing cakepan dipunginakaken kangge nedahaken penandha saha pratandha gadhah arupi ingkang sami utawi gadhah sipat alami. Ikon wonten ing cakepan menika kangge nyebataken panggenan minangka ikon saking salah satunggaling kutha, wonten ing konteks bilih Stasiun Balapan minangka ikon saking kutha Solo. Dah... Dadah sayang Dah... Slamat jalan Ikon wonten ing cakepan menika kangge nedahaken salah satunggaling aktivitas ngebahaken asta minangka tandha sugeng tindak.