Tandha saha Penandha ing Analisis Semiotik

25 Simbol ingkang pungkasan inggih menika Le simbole ecthese inggih menika tandha ingkang nedahaken gayutan triadik utawi nganggep wonten kasamian kalih acuan sipat dhasar kanthi konvensional ingkang dipungayutaken kaliyan kualitas triadik sipat dhasar ingkang dipuntedahaken objek kasebat. Fungsi simbol wonten kalih inggih menika kangge nyebataken sesulih saking salah satunggaling tiyang saha kangge nedahaken kawontenan tiyang. Tuladha saking fungsi simbol kangge nyebataken sesulih saking salah satunggaling tiyang inggih menika dhik minangka simbol saking tiyang ingkang dipuntresnani. Tuladha saking fungsi simbol kangge nedahaken kawontenan tiyang inggih menika mawar alum minangka simbol saking tiyang ingkang kasepen amargi boten wonten ingkang ngancani.

F. Panaliten Ingkang Jumbuh

Panaliten ingkang jumbuh inggih menika kanthi irah-irahan babagan Analisis Semiotik Syair Lagu Keroncong Karya Gesang Martohartono anggitanipun Ning Rohmatun taun 2012, ingkang paring dudutan bilih semiotik menika ngelmu ingkang ngrembag babagan paedahipun tandha saha pralambang. Panaliten menika ngangge pendekatan semiotik inggih menika awujud ngelmu ingkang ngrembag objek-objek, prastawa-prastawa, sedaya kabudayan ingkang gegayutan kaliyan tandha inggih menika ikon, indeks saha simbol. Panaliten ing inggil wonten gegayutan kaliyan panaliten ingkang dipuntindakaken. Gegayutanipun ngengingi babagan analisis semiotik wonten ing sekar. Ugi sami ngrembag babagan ikon, indeks saha simbol ing syair sekar. 26 Bedanipun inggih menika panaliten ingkang gadhah irah-irahan Analisis Semiotik Cakepan Sekar Campursari Anggitanipun Didi Kempot Album Munajat Tresna menika ugi ngrembag babagan wosing sekar kanthi pamaosan heuristik saha hermeneutik katindakaken. Bab ingkang dipunandharaken wonten panaliten menika mliginipun tandha saha pralambang salebeting cakepan sekar Munajat Tresna, Dhik, Nanggap Campursari, Sekonyong Konyong Koder, Plong, Cucak Rawa, Stasiun Balapan, Sewu Kutha, saha Tanjung Mas Ninggal Janji anggitanipun Didi Kempot.