Pamaosing Teks Kanthi Cara Heuristik saha Hermeneutik Salebeting

66 Jambu alas ndhuk manis rasane Senadyan tilas tetep Tak enteni randane Kanthi cara heuristik kasebut tembung jambu alas gadhah teges jambu ingkang tuwuh wonten ing alas. Babagan menika kanthi cara hermeneutik saged arupi sampiran saking parikan ingkang ngrembag babagan tresna ingkang boten limrah amargi tresna marang wanudya ingkang sampun gadhah garwa. Menawi dipuntingali kanthi cakepan sekar Jambu Alas, wosing sekar menika ngrembag babagan tiyang ingkang tresna marang wanudya ingkang sampun gadhah garwa satuhu marang salah satunggaling Kenya Sayange wis duwe bojo, nangging aku ndhuk wis kebacut tresna. Salebeting cakepan sekar Jambu Alas ugi nyariosaken bilih wanudya kalawau boten purun dipundadosaken garwa amargi sampun gadhah semah, dados wanudya menika tansah setya marang semahipun Sumpah neng batin kula niki sampun kawin, nganti saiki boten pengen golek ganti. Saking tresnanipun marang wanudya kalawau tiyang jaler ingkang kebacut tresna saged nengga ngantos dados randha Senadyan tilas tak enteni randhane. Bilih dipuntegesi kanthi jinising sekar, sekar Jambu Alas menika minangka sekar jenaka ingkang ngrembag babagan sir-siran marang wanudya ingkang sampun gadhah garwa. Cakepan ingkang ngewrat babagan tiyang ingkang saking tresnanipun saged nengga ngantos randha dipunlebetaken ing parikan minangka sarana kangge nedahaken wosing sekar. 67

d. Pamaosing Teks Kanthi Cara Heuristik saha Hermeneutik Salebeting

Sekar Nanggap Campursari Kanthi cara semiotik babagan ikon, indeks saha simbol temtu kemawon sampun gayut kaliyan caos teges makna kanthi pamaosing heuristik saha hermeneutik. Kanthi cara heuristik saged dipunwaos: Sasi ngarep ayo rabi Ya ndhuk ya Kanca-kanca padha diulemi Nanggap orkes musik campursari Sedina punjul sewengi Tamune ben seneng atine Mengko yen nganti listrike mati Ya ndhuk ya Nyewa diesel apa aki Jogetan terus sampe pagi Jogetan karo penyanyi Yen wis rampung gari disangoni Sing nyanyi wonge ayu-ayu Yen aku nganti nglirik Kowe aja cemburu Sing nglirik ya mung mripatku Neng atiku iki ya tetep kanggo sliramu Tresna ditambah tresna Candakane mesthine kuwi ya rasa Rasa ditambah rasa Candakane mesthine ya mangga kersa Kersa ditambah kersa Candakane mesthine kuwi ya nyata Nyata ditambah nyata Nyata-nyata wong loro kui pancene tresna Kanthi cara heuristik kasebut tembung nanggap campursari menika nggadhahi teges nanggap hiburan campursari. Babagan menika kanthi cara hermeneutik nanggap campursari kedah ningali cakepan saking sekar. Saking pada sepisan, nyariosaken babagan rencana rabi. Menika dipuntedahaken kanthi nyebar ulem Kanca-kanca diulemi. Rencana dados manten kalawau badhe nanggap campursari supados tamu bingah nanggap orkes campursari sedina punjul sewengi, tamune ben seneng ati. Sekar menika ugi ngrembag babagan tiyang ingkang sampun gadhah rasa saha kersa bakalan dados tresna Nyata-nyata wong loro pancene tresna. 68

e. Pamaosing Teks Kanthi Cara Heuristik saha Hermeneutik Salebeting