Fungsi Unsur Semiotik Salebeting Sekar Stasiun Balapan

101 dipunmangertosi bilih tiyang menika sampun saged mangertos dhateng teges utawi makna saking objek ingkang sampun dipunsarujuki saderingipun. Fungsi simbol salebeting Album Munajat Tresna kangge nedahaken kawontenan tiyang, saha kangge sesulih saking salah satunggaling tiyang. 2. Pamaosing teks kanthi heuristik saha hermeneutik salebeting sekar campursari Album Munajat Tresna. a. Pamaosing teks kanthi heuristik saha hermeneutik salebeting sekar Munajat Tresna. Kanthi cara heuristik saged dipunwaos: Wengi iki aku tansah ngenteni Tanpa ana kanca sing ngancani oRa kaya wengi wingi Sing wis tak liwati Atiku iki mung tansah sepi Wis ora ana kenya sing nresnani Tresna ilang neng njero ati ya Mung dilarani duh Gusti kula nyuwun tulung Tresna ingkang kula suwun namung Tulus suci nganti mati Setya ana ing janji Kembang mawar alum tak sawang Wis ora ana banyu sing kanggo nyiram Kaya uripku iki Sing dilarani kenya Saking sekar menika bilih dipunwaos kanthi hermeneutik akuan puisi ngraos sepen tansah sepi amargi piyambakan boten wonten kenya ingkang ngancani tanpa kanca sing ngancani saha boten wonten ingkang nresnani wis ra ana sing nresnani saha saged dados kanca anggenipun ngudarasa. Saking raos sepen kalawau amargi akuan puisi ngraos dipunsakiti dening pepujanipun, ngantos-antos kados kembang mawar ingkang alum amargi boten wonten ingkang nyirami. Kembang mawar wonten ing konteks menika bilih dipuntingali kanthi hermeneutik dados akuan puisi ingkang sepen 102 amargi boten wonten ingkang ngancani kados mawar ingkang boten wonten ingkang nyirami. Nyirami saged dipuntegesi maringi tresna ingkang tulus marang akuan puisi. b. Pamaosing teks kanthi heuristik saha hermeneutik salebeting sekar Dhik. Kanthi cara heuristik saged dipunwaos: Dik aku namung pingin Tresnamu ingkang setya lair bathin Oh dik sing tak suwun Sliramu aja gawe aku bingung Senadyan aku lagi nandang lara Senadyan uripku iki rekasa Tak jagane urip matimu Turu nganti tangimu Ngimpi nganti sak elingmu Tak jaga neng jero atiku Urip nganti sak matimu Aja- aja ninggalke aku Dik aja nganti Kowe lunga ninggalake aku dewe Dik aku namung pingin Tresnamu ingkang setya lair bathin Senadyan kowe lagi nandang lara Senadyan lagi nandang rekasa Saking sekar menika kanthi cara hermeneutik saged ateges tiyang ingkang dipuntresnani akuan puisi. Menawi dipuntingali kanthi cakepan sekar Dhik, wosing sekar menika ngrembag babagan tiyang ingkang tresna satuhu marang salah satunggaling kenya. Dhik wonten ing sekar menika bilih dipunwaos kanthi hermeneutik boten gadhah teges rayi ananging tiyang ingkang dipuntresnani, dados dhik wonten ing konteks sekar menika minangka sesulih saking tiyang ingkang dipuntresnani. Wonten ing pada sepisan bilih akuan puisi ngandharaken panyuwunipun supados kenya ingkang dipuntresnani gadhah tresna ingkang satuhu marang piyambakipun dik aku suwun tresnamu setya lair batin.