Ancasing Panaliten ANALISIS SEMIOTIK CAKEPAN SEKAR CAMPURSARI ANGGITANIPUN DIDI KEMPOT ALBUM MUNAJAT TRESNA.

11 Para tokoh kasusastran Jawi ugi gadhah pamanggih piyambak ngengingi tegesipun geguritan. Miturut Hadiwijana 1967 : 61, geguritan inggih menika. “Geguritan iku golongané Sastra-èdi puisi tjengkok anjar, weḍaring rasa èdi, kelair basa kang laras-runtut karo èdining rasa, nanging ora usah ketjentjang ing �ṭ �� 2 , wisahagan utawa ḍong-ḍing kang tetep tinamtu. Béda banget karo sipating tembang matja-pat saha sakpanunggasaha é.” Sarujuk kaliyan pamanggihipun Hadiwijana, Subalidinata 1994 : 45, ngandharaken bilih “geguritan yaiku iketaning basa kang memper syair mula ana sing ngarani syair Jawa gagrak anyar”. Subalidinata ngandharaken geguritan menika saking tembung gurita. Tembung gurita minangka ewah-ewahanipun saking gerita. Tembung gerita menika lingganipun gita, tegesipun sekar utawi syair. Tembung ingkang endah ugi saged dipunsekaraken kanthi swanten ingkang sae. Cakepan-cakepan ingkang karantam dipunsartani titi laras ugi saged dipunsebat sekar. Ing kasusastran Jawi cakepan-cakepan ingkang kalebet sekar saged dipunperang dados kalih inggih menika sekar Jawa pinathok saha sekar Jawa manasuka. Sekar Jawa pinathok wonten ingkang arupi kakawin, sekar gedhe, sekar tengahan, saha sekar macapat. Bilih sekar manasuka wonten ingkang arupi sekar dolanan, langgam Jawa, saha sekar campursari. Bilih dipungayutaken kaliyan geguritan, sekar Jawi manasuka menika ugi gadhah tembung-tembung ingkang endah saha ngemu raos pamenggalih panggurit ingkang sinandi. Bedanipun sekar dipunsartani titi laras saha swanten musik gamelan. Dados sekar mliginipun sekar campursari saged dipunwastani geguritan ingkang dipunsekaraken kanthi iringan musik gamelan. 12 Saking andharan para ahli ing inggil saged dipunpendhet dudutan bilih geguritan menika jinis karya sastra Jawi ingkang ngemu raos pamenggalih panggurit ingkang sinandi ingkang dipunserat kanthi tembung ingkang endah saha nuwuhaken kawigatosan tumrap pamaosipun.

2. Campursari

Tembung campursari menika kabentuk saking tembung ‘campur’ saha tembung ‘sari’. Tembung campur gadhah teges dados setunggal, bilih tembung sari gadhah teges inti, dados campursari saged dipunsebat inti ingkang dipundadosaken setunggal. Ingkang dipundadosaken setunggal inggih menika pirantinipun. Piranti ingkang dipunginakaken wonten ing campursari inggih menika gamelan Jawi kados, kendhang, saron, bonang, saha gong kaliyan piranthi musik modern kados organ, guitar, saha drum. Suwardi Endraswara 2010 : 21 ngandharaken bilih campursari menika salah satunggaling lelagon Jawa ingkang nggabungaken mapinten-pinten ragam seni. Taksih miturut Suwardi Endraswara 2010: 22 sekar-sekar ingkang saged dipunlebetaken wonten ing campursari antawisipun: lagu dolanan, langgam, macapat, tembang gedhe, gendhing sekar, sekar gendhing, bawa, umpak, saha sapanunggalanipun. Sekar campursari ingkang kaloka ing masarakat antawisipun, Aja Dipleroki, Aja Lamis, Stasiun Balapan, Sewu Kutha, saha sapanunggalanipun. Bilih penyanyi campursari ingkang kaloka antawisipun Didi Kempot, Anjar Any, Manthous, Cak Dikin saha sapanunggalanipun. Nalika taun 60-an wonten Jawa Tengah campursari taksih prasaja kemawon. Piranti musik ingkang dipunginakaken ugi taksih namung ngangge