Fungsi Unsur Semiotik Salebeting Sekar Sekonyong Konyong Koder

98 Neng Stasiun Balapan Rasane kaya wong kelangan Kowe ninggal aku Ra krasa netes eluh neng pipiku Fungsi indeks wonten ing cakepan dipunginakaken kangge nedahaken sabab kadadosan. Indeks wonten ing cakepan menika dipunginakaken kangge nedahaken gegayutan sabab kadadosan tiyang ingkang nangis amargi sedih dipuntilar tiyang ingkang dipuntresnani. Jare lunga mung sedhela Malah tanpa kirim warta Lali apa pancen nglali Yen eling mbok enggal bali Indeks wonten ing cakepan menika dipunginakaken kangge nedahaken gegayutan sabab kadadosan raos kangen amargi dipuntilar pamite namung sedhela ananging malah ngantos saniki boten kondur.

i. Fungsi Unsur Semiotik Salebeting Sekar Sewu Kutha

Wonten ing cakepan sekar Sewu Kutha anggitanipun Didi Kempot kapanggihaken fungsi unsur semiotik. Fungsi unsur semiotik saking cakepan sekar Sewu Kutha saged dipuntingali wonten ing ngandhap menika. Sewu kutha uwis tak liwati Sewu ati tak takoni Nanging kabeh Pada ra ngerteni Lungamu neng endi Fungsi simbol wonten ing cakepan dipunginakaken kangge nedahaken gayutan ingkang asipat boten alami utawi arbriter. Simbol wonten ing cakepan menika nedahaken kawontenanipun tiyang ingkang sampun nglampahi kathah kutha kangge nemoni tiyang ingkang dipuntresnani. Fungsi simbol sanesipun saking cakepan ing inggil inggih menika nedahaken kawontenanipun tiyang ingkang sampun nyuwun priksa dhumateng kathah tiyang babagan dunungipun tiyang ingkang dipuntresnani. 99

j. Fungsi Unsur Semiotik Salebeting Sekar Tanjung Mas Ninggal Janji

Wonten ing cakepan sekar Tanjung Mas Ninggal Janji anggitanipun Didi Kempot kapanggihaken fungsi unsur semiotik. Fungsi unsur semiotik saking cakepan sekar Tanjung Mas Ninggal Janji saged dipuntingali wonten ing ngandhap menika. Neng pelabuhan Tanjung Mas kene Biyen aku ngeterke kowe Neng pelabuhan Semarang kene Aku tansah ngenteni kowe Fungsi ikon wonten ing cakepan dipunginakaken kangge nedahaken penandha saha pratandha gadhah arupi ingkang sami utawi gadhah sipat alami. Ikon wonten ing cakepan menika kangge nyebataken panggenan minangka ikon saking salah satunggaling kutha, wonten ing konteks sekar Tanjung Emas Ninggal Janji minangka ikon panggenan minangka pratandha kutha Semarang. Bebasan kaya ngenteni Udan ing mangsa ketiga Senajan mung sedela ora dadi ngapa Penting bisa ngadhemke ati Fungsi simbol wonten ing cakepan dipunginakaken kangge nedahaken gayutan ingkang asipat boten alami utawi arbriter. Simbol wonten ing cakepan menika nedahaken kawontenan tiyang ingkang nandhang kangen marang tiyang ingkang dipuntresnani. Indeks wonten ing cakepan menika dipunginakaken kangge nedahaken gegayutan sabab kadadosan pangareping tiyang ingkang kepengin kepanggih kaliyan tiyang ingkang dipuntresnani kangge ngudar raos kangen. Semana uga rasane atiku Mung tansah nunggu tekamu Ra krasa setaun kowe ninggal aku Kangen kangene atiku