Unsur Semiotik salebeting Sekar Tanjung Mas Ninggal Janji

93 Nanggap orkes campursari Sedina punjul sewengi Tamune ben seneng ati Fungsi indeks wonten ing cakepan dipunginakaken kangge nedahaken sabab kadadosan. Indeks wonten ing cakepan sekar menika dipunginakaken kangge nedahaken gegayutan sabab kadadosan kawontenan nanggap acara campursari supados tamu undangan bingah manahipun. Fungsi unsur semiotik salajengipun salebeting pada menika. Nanggap orkes campursari Sedina punjul sewengi Tamune ben seneng ati Indeks wonten ing cakepan menika dipunginakaken kangge nedahaken gegayutan sabab kadadosan kawontenan nanggap acara campursari supados tamu undangan bingah manahipun. Jambu alas ndhuk manis rasane Senadyan tilas Tak enteni randane Fungsi simbol wonten ing cakepan dipunginakaken kangge nedahaken gayutan ingkang asipat boten alami utawi arbriter. Simbol wonten ing cakepan menika nendahaken salah satunggaling tiyang ingkang dipunajak krama.

e. Fungsi Unsur Semiotik Salebeting Sekar Sekonyong Konyong Koder

Wonten ing cakepan sekar Sekonyong Konyong Koder anggitanipun Didi Kempot kapanggihaken fungsi unsur semiotik. Fungsi unsur semiotik saking cakepan sekar Sekonyong Konyong Koder saged dipuntingali wonten ing ngandhap menika. Lempermu pancen super Resik tur anti laler Yen ra pethuk Sedina nang sirah ngliyer 94 Fungsi indeks wonten ing cakepan dipunginakaken kangge nedahaken sabab kadadosan. Indeks wonten ing cakepan menika dipunginakaken kangge nedahaken gegayutan sabab kadadosan bilih menawi boten pethuk sedinten tansah ngliyer. Bir temu lawak Nggonku mikir Neng awak nganti rusak Indeks wonten ing cakepan menika dipunginakaken kangge nedahaken gegayutan sabab kadadosan awak ingkang gerah saha nelangsa amargi manggalih tiyang ingkang dipuntresnani. Cintaku Sekonyong konyong koder Karo kowe Wong ayu sing bakul lemper Fungsi simbol wonten ing cakepan dipunginakaken kangge nedahaken gayutan ingkang asipat boten alami utawi arbriter. Simbol wonten ing cakepan menika nedahaken kawontenanipun tiyang ingkang tresna ngantos sekonyong- konyong utawi tresna ingkang sanget. Cintaku sekonyong Konyong konyong koder Paribasan Durung ndemok wani panjer Simbol wonten ing cakepan menika nedahaken kawontenanipun tiyang ingkang saking tresna ngantos wantun panjer sanajan dereng mangertosi sipat saking kenya bakul lemper.

f. Fungsi Unsur Semiotik Salebeting Sekar Plong

Wonten ing cakepan sekar Plong anggitanipun Didi Kempot kapanggihaken fungsi unsur semiotik. Fungsi unsur semiotik saking cakepan sekar Plong saged dipuntingali wonten ing ngandhap menika. 95 Plong rasane jero dhadhaku Rasane mak plong lega atiku Wis ora nyut- nyut sirahku Saiki aku wis ora ngelu Fungsi ikon wonten ing cakepan dipunginakaken kangge nedahaken penandha saha pratandha gadhah arupi ingkang sami utawi gadhah sipat alami. Ikon ing cakepan menika nedahaken kawontenanipun tiyang ingkang lega amargi sampun tepang malih kaliyan tiyang ingkang dipuntresnani. Fungsi sanesipun ikon ing cakepan menika nedahaken kawontenanipun tiyang ingkang sampun boten mumet amargi sampun kepanggih malih kaliyan tiyang ingkang dipuntresnani. Indeks wonten ing cakepan menika dipunginakaken kangge nedahaken gegayutan sabab kadadosan saking tiyang ingkang bingah amargi sampun kepanggih kaliyan tiyang ingkang dipuntresnani. Plong rasane jero dhadhaku Rasane mak plong lega atiku Wis ra dag dig dug jantungku Saiki aku wis ketemu Ikon ing cakepan menika nedahaken kawontenanipun tiyang ingkang sampun lega amargi sampun kepanggih kaliyan tiyang ingkang dipuntresnani. Rasane kaya ketiban ndaru Lintang kamulyan nibani dhadhaku Sing lali wis eling karo aku Gelem mulih gelem bali neng omahku Fungsi indeks wonten ing cakepan dipunginakaken kangge nedahaken sabab kadadosan. Indeks wonten ing cakepan menika dipunginakaken kangge nedahaken gegayutan sabab kadadosan bilih kenya ingkang sampun eling kalawau purun kondur dhumateng pepujanipun. Simbol wonten ing cakepan menika nedahaken kawontenanipun tiyang ingkang bingah saha sukur marang Gusti amargi tiyang ingkang dipuntresnani purun kondur wonten griyanipun. Fungsi simbol sanesipun inggih menika nedahaken kawontenanipun tiyang ingkang