Sanding Kata Unik Jinising Kohesi Leksikal

28 wonten ing seni micara, amargi ungkapan menika saged ndadosaken kaendahan setunggaling wujud basa. Ungkapan sipatipun terbuka. Ungkapan menika kaperang dados tembung, frasa, saha ukara. Tuladhanipun ungkapan inggih menika: a Sing baku wis diwangsuli, wong jamake sing wadon yen takon utawa akon ora diwangsuli njur sok metu muntabe, ora luput bias-bisa kriwikan dadi grojogan. Sulistyawati, 2013: 20 b Nanging panguripan saka nulis lan nggilut sastra budaya Jawa, angel lan durung bisa didadekake cagak panguripan ing wektu iki, kurang banget kawigaten saka pemerintah lan masyarakat. Mula kaya bebasan “cebol nggayuh lintang” kae. Mung saka gedhening panyurunge Ranti, aku dadi luwih teguh ngrungkepi katresnan iki. Mulyadi. 2013: 20 Tuladha a ing nginggil menika ngemot kolokasi khusus ingkang kalebet wonten ing ungkapan inggih menika “kriwikan dadi grojogan” tegesipun perkawis ingkang alit dados ageng. Tuladha b menika menika ngemot kolokasi khusus ingkang kalebet ungkapan inggih menika “cebol nggayuh lintang” menika kalebet setunggaling paribasan ingkang tegesipun gadhah kekarepan ingkang inggil ananging boten saged kalampahan. Saking andharan ing nginggil menika saged dipunpilah titikanipun tembung-tembung ingkang kalebet sanding kata khusus inggih menika, ingkang kapisan tembung-tembung ingkang dipunginakaken menika kalebet idiom inggih menika 1 kalebet satuan basa saged awujud tembung, frasa, utawi ukara; 2 gadhah teges utawi makna ingkang mligi utawi khas; 3 unsur-unsuripun boten saged dipungantos utawi dipunicalaken; saha 4 menyimpang saking makna leksikal utawi gramatikal. 29 Wondene ingkang kaping kalihipun tembung-tembung ingkang dipunginakaken menika kalebet ungkapan saged awujud paribasan, bebasan menapa dene saloka, titikanipu inggih menika, 1 kasusun saking kalih ukara utawi langkung; 2 susunan tembung-tembung menika tetep; 3 makna tembung- tembung ingkang nyusun sampun ical; 4 wosipun kiasan utawi nasehat.

e. Sanding Kata Budaya

Ing budaya Indonesia wonten tetembungan kadosta lumbung padi, mandi kembang, duduk bersila, arisan keluarga, saha mudik lebaran menika tuladha wonten ing bahasa Indonesia menawi wonten ing basa Jawi tuladhanipun inggih menika: Dening bojoku dhuwit pituwas kanggo oleh tumbal tolak laris mau, diamplop apik, supaya katon aweh kurmat. Ora keri rokok kretek sing kanggo sesaji uga diwadhahke plastik kresek cilik, dadi siji karo amplop isi dhuwit, sing gunggunge satus ewu repis. Mbah Met, 2013: 20 Tuladha tembung “tumbal tolak laris” saha “sesaji” menika kalebet tuladha tetembungan wonten ing setunggaling budaya limrahipun wonten ing masyarakat padusunan ingkang tasih kenthel budayanipun. Titikanipun tembung-tembung ingkang kalebet sanding kata budaya tartamtu inggih menika, 1 wontenipun satuan lingual ing setunggaling ukara lajeng wonten ugi satuan lingual sanes ingkang kalebet ing setunggaling jaringan inggih menika budaya ing ukara salajengipun; 2 ingkang kalebet budaya menika saged budaya ingkang sampun wonten menapa dene budaya ingkang wonten ing masyarakat limrahipun wonten ing setunggaling panggenan.