Jinising Panaliten KOHESI LEKSIKAL KOLOKASI WONTEN ING RUBRIK CERITA CEKAK KALAWARTI DJAKA LODANG EDISI 03-22 TAUN XLIII (15 JUNI 2013 - 26 OKTOBER 2013).

47 Gambar 1: Format Kartu Analisis Data Katrangan: Sumber : sumber dhata saking rubrik cerita cekak kalawarti Djaka Lodang, nomer edisi, kaca, nomer urut. No. : nomer dhata Kaca : kaca cariyos cekak kalawarti Djaka Lodang Dhata : awujud rerangkening ukara ingkang ngemot kohesi leksikal Jinis : jinis kohesi leksikal kolokasi Fungsi : fungsi lingual kohesi leksikal kolokasi Kangge manggihaken dhata panaliti menika nyamektakaken dhata awujud cerita cekak Kalawarti Djaka Lodang Edisi 03-22 Taun XLIII 15 Juni 2013 – 26 Oktober 2013. Sasampunupun nyamektakaken dhata lajeng maos kanthi tliti antawisipun ukara setunggal kaliyan ukara sanesipun kangge manggihaken dhata awujud morfem, tembung, frasa, klausa utawi perangan ingkang langkung wiyar. Bibar maos dipunlajengaken nyathet dhata kohesi leksikal ing kertu dhata. Panaliti nglebetaken dhata saking kartu analisis data saha tabel analisis data. Sumber : DL. 08. 20. 054 No. : 054 Kaca : 20 Dhata : Saben-saben butuh kanca, Satrio sok siap ngancani. Pancene Satrio ya mambu ati marang Wika dadine arep Wika ngana-ngene diturat- turuti wae. Jinising : Kolokasi utawi sanding kata khusus ingkang awujud idiom “mambu ati ”. Fungsi : “Mambu ati” menika tembung katrangan ingkang nerangaken kahanan inggih menika kata sifat. 48

E. Caranipun Nganalisis Data

Analisis dhata ingkang dipunginakaken ing panaliten menika ngginakaken teknik deskriptif. Miturut Arikunto ing Prastowo, 2011 : 203 panaliten deskriptif menika dipunginakaken kangge ngandharaken variabel saha perangan ingkang dipuntliti jumbuh kaliyan kawontenanipun. Ingkang sepisan panaliti menika nyamektakaken dhata awujud cariyos cekak wonten ing Kalawarti Djaka Lodang Edisi 03-22 Taun XLIII 15 Juni 2013 – 26 Oktober 2013. Sasampunupun nyamektakaken dhata lajeng maos kanthi tliti antawisipun ukara setunggal kaliyan ukara sanesipun kangge manggihaken dhata awujud jinis saha fungsi kohesi leksikal kolokasi. Bibar maos dipunlajengaken nyathet dhata kohesi leksikal kolokasi wonten ing kertu dhata. Cara nganalisis dhata menika ingkang sepisan inggih menika dhata dipunpantha-pantha miturut jinising kohesi leksikal kolokasi lajeng dipunpadosi fungsinipun kohesi leksikal kolokasi. Sasampunipun dhata dipunpilah-pilah lajeng nganalisis dhata miturut pamanggihipun panaliti adhedhasar teori landhesanipun. Ingkang pungkasan inggih menika ndamel dudutan asiling panaliten adhedhasar panaliten ngengingi jinis saha wujudipun kohesi leksikal. No. Deskripsi Jenis Kohesi Leksikal Kolokasi Fungsi Kohesi Leksikal Kolokasi Keterangan 1 2 3 4 5 1. Kertas kang kajereng iku banjur dilempit maneh. Pardi anteng nyawang sepine kahanan. √ Anteng saha sepine menika katrangan ingkang nerangaken kahanan rasa ati. Anteng saha sepine menika minangka tembung ingkang berkolokasi tembung menika wonten ing