Sanding Kata Budaya Jinising

69 sanding kata ingkang gadhah fungsi inggih menika tembung katrangan ingkang nerangaken tembung kriya.

b. Tembung Katrangan ingkang Nerangaken Kata Sifat

1 Tembung Kahanan Tembung katrangan ingkang nerangaken tembung watak utawi kahanan ingkang dipunpanggihaken wonten ing cariyos cekak kalawarti Djaka Lodang kanthi irah- irahan “Tembanag Ireng Peteng Wengi” saged kaandharaken wonten ing ngandhap menika. 16 Sikepe Satoni ora owah. Dheweke iseh kayabocah ndesa. Sopan santun lembah manah isih dijaga. Patrape panggah kalem, sithik guneman. Dheweke gelem crita yen ditakoni, paribasane kaya gong kae, yen ora ditabuh ora muni. Data Lampiran No. 50 Wosipun paragraf 16 ing nginggil menika ngandharaken watakipun Satoni. Data paragraf 16 ing nginggil menika ngemot tembung-tembung ingkang kalebet tembung kahanan utawi watak inggih menika „kaya bocah ndesa‟ „sopan santun‟, „lembah manah isih dijaga‟, „kalem‟, „sithik guneman‟. Menika ngandharaken sifat utawi watakipun tiyang sanes. Tembung „kaya bocah ndesa‟ menika ugi kalebet kolokasi utawi sanding kata ingkang gadhah fungsi inggih menika tembung katrangan ingkang nerangaken kahanan inggih menika kata sifat ingkang nerangaken tembung „sopan santun‟, „lembah manah isih dijaga‟, „kalem‟, „sithik guneman‟. Tembung katrangan ingkang nerangaken tembung watak utawi kahanan ingkang dipunpanggihaken wonten ing cariyos cekak kalawarti Djaka Lodang kanthi irah- irahan “Belik” saged kaandharaken wonten ing ngandhap menika. 70 17 “Iki mesti pokale Warti apa Narto. Jian wong kae pancen jail, methakil, drengki, srei, lan uthil temenan .” Ngono aloke wong-wong Desa Karangsari.Data Lampiran No. 39 Wosipun paragraf 17 ing nginggil menika ngandharaken watakipun Warti saha Narto. Data paragraf 17 ing nginggil menika ngemot tembung-tembung ingkang kalebet tembung kahanan utawi wata k inggih menika „jail‟, „methakil‟, „drengki‟, „srei‟, „uthil‟. Menika ngandharaken sifat utawi watakipun tiyang sanes. Tembung „jail‟, „methakil‟, „drengki‟, „srei‟, „uthil‟ menika ugi kalebet kolokasi utawi sanding kata ingkang gadhah fungsi inggih menika tembung katrangan ingkang nerangaken kahanan inggih menika kata sifat. 2 Tembung Keadaan Warna Tembung katrangan ingkang nerangaken keadaan warna ingkang dipunpanggihaken wonten ing cariyos cekak kalawarti Djaka Lodang kanthi irah- irahan “Bathik saka Bapak” saged kaandharaken wonten ing ngandhap menika. 18 Pardi glosoran meneh ing kasur. Dibuka kothakan soklat ing dhuwur meja sinaune. Diwetokake bathik kang wis winahya ing layang, bathik werna soklat kanthi motif cuwiri. Data Lampiran No. 9 Wosipun paragraf 18 ing nginggil menika ngandharaken bilih Pardi pikantuk bathik soklat motif cuwiri. Data paragraf 18 ing nginggil menika ngemot tembung ingkang kalebet tembung keadaan warna inggih menika „soklat‟. Tembung „soklat‟ menika nerangaken tembung „kothakan‟ saha nerangaken „bathik motif cuwiri‟ ingkang gadhah warna „soklat‟.