29
Wondene ingkang
kaping kalihipun
tembung-tembung ingkang
dipunginakaken menika kalebet ungkapan saged awujud paribasan, bebasan menapa dene saloka, titikanipu inggih menika, 1 kasusun saking kalih ukara
utawi langkung; 2 susunan tembung-tembung menika tetep; 3 makna tembung- tembung ingkang nyusun sampun ical; 4 wosipun kiasan utawi nasehat.
e. Sanding Kata Budaya
Ing budaya Indonesia wonten tetembungan kadosta lumbung padi, mandi kembang, duduk bersila, arisan keluarga, saha mudik lebaran menika tuladha
wonten ing bahasa Indonesia menawi wonten ing basa Jawi tuladhanipun inggih menika:
Dening bojoku dhuwit pituwas kanggo oleh tumbal tolak laris mau, diamplop apik, supaya katon aweh kurmat. Ora keri rokok kretek sing
kanggo sesaji uga diwadhahke plastik kresek cilik, dadi siji karo amplop isi dhuwit, sing gunggunge satus ewu repis. Mbah Met, 2013: 20
Tuladha tembung “tumbal tolak laris” saha “sesaji” menika kalebet tuladha
tetembungan wonten ing setunggaling budaya limrahipun wonten ing masyarakat padusunan ingkang tasih kenthel budayanipun.
Titikanipun tembung-tembung ingkang kalebet sanding kata budaya tartamtu inggih menika, 1 wontenipun satuan lingual ing setunggaling ukara
lajeng wonten ugi satuan lingual sanes ingkang kalebet ing setunggaling jaringan inggih menika budaya ing ukara salajengipun; 2 ingkang kalebet budaya menika
saged budaya ingkang sampun wonten menapa dene budaya ingkang wonten ing masyarakat limrahipun wonten ing setunggaling panggenan.
30
3. Fungsi
Kohesi Leksikal Kolokasi
Tembung-tembung ingkang berkolokasi wonten ing setunggaling ukara menika gadhah fungsi inggih menika nerangaken wosing ukara menapa dene
paring informasi ingkang terkandung wonten ing ukara menika. Fungsi tembung menika awujud tembung katrangan inggih menika tembung ingkang paring
katrangan tembung sanesipun. Tembung katrangan menika saged awujud tembung aran, tembung kriya, tembung kahanan utawi kata sifat, tembung wilangan, saged
ugi nerangaken tembung katrangan menika. Sudibyo, 2001: 105 Miturut Mulyana 2011: 51 saha Sasangka ing Mulyana, 2011: 51
titikanipun tembung ingkang kalebet tembung katrangan inggih menika:
a. Tembung Katrangan ingkang Nerangaken Tembung Kriya
Tembung kriya miturut Sudibyo 2001: 100 inggih menika mratelakaken solah bawa utawi tandang gawe. Tembung kriya menika ngemot teges
lumakuning kahanan. Tembung kriya ingkang mratelakaken tandang gawe menika kadosta mbalang, nendhang, njiwit, njuwil, ngampleng. Wondene tembung kriya
ingkang mratelakaken proses utawi lumakuning kahanan kadosta mecah, mbledos, thukul, kempes, njeblug. Tembung kriya menika saged sesandhingan kaliyan
tembung ora uga saged sesandhingan kaliyan tembung anggone. Tuladhanipun saged kaandharaken wonten ing ngandhap menika.
Rampung sekolah es-em-a, aku kursus njahit. Lan kasil kanthi becik. Aku banjur ditukokake mesin jahit dening Bapak. Ora ketang siji loro wis ana
kang njaitake mareng aku. Jare jahitanku klebu alus, umpama dibiji ngono wis entuk enem setengah. Purnomo, 2013: 20