Sanding Kata Register Jinising

65 wosipun ngandharaken bilih tokoh Satrio gadhah raos tresna kaliyan Wika. Data 10 menika ngemot kolokasi utawi sanding kata khusus inggih menika kalebet idiom „mambu ati‟ ingkang tegesipun gadhah raos kaliyan tiyang sanes lawan jenis . Tembung „mambu ati‟ menika kalebet idiom amargi gadhah makna kias, saengga tembung menika boten saged dipuntegesi kanthi cara negesi saben tembung-tembungipun ananging kedah kanthi makna keseluruhan. Sanding kata khusus dipunpanggihaken wonten ing cariyos cekak kalawarti Djaka Lodang kanthi irah- irahan “Ranti” menika kados frasa ingkang sesandhingan inggih menika „cebol nggayuh lintang‟ saged dipuntingali ing data ngandhap menika. 11 Nanging panguripan saka nulis lan nggilut sastra budaya Jawa, angel lan durung bisa didadekake cagak panguripan ing wektu iki, kurang banget kawigaten saka pemerintah lan masyarakat. Mula kaya bebasan “cebol nggayuh lintang” kae. Mung saka gedhening panyurunge Ranti, aku dadi luwih teguh ngrungkepi katresnan iki. Data Lampiran No. 84 Data ing nginggil nyariyosaken katresnan antawisipun paraga „aku‟ kaliyan Ranti. Ing data menika kapang gihaken bebasan „cebol nggayuh lintang‟ menika ingkang nedahaken bilih data ing nginggil menika ngemot sanding kata khusus ingkang kalebet idiom . „Cebol nggayuh lintang‟ menika kalebet setunggaling bebasan ingkang tegesipun gadhah kekarepan ingkang inggil ananging boten saged kalampahan. Kanthi ngginakaken bebasan kadosta „cebol nggayuh lintang‟ menika nyethakaken bab ingkang nembe dipuncariyosaken. Kejawi menika, wontenipun sanding kata khusus ing paragraf menika nedahaken bilih ukara setunggal kaliyan ukara sanesipun wonten gayutanipun. Awit saking menika 66 wontenipun bebasan kadosta „cebol nggayuh lintang‟ ingkang berkolokasi ing nginggil kanthi konteks menika njurung gemblengipun wacana.

e. Sanding Kata Budaya

Sanding kata budaya inggih menika tembung-tembung ingkang wonten gayutanipun kaliyan budaya mliginipun budaya Jawi. Sanding kata budaya ingkang dipunpanggihaken wonten ing cariyos cekak kalawarti Djaka Lodang kanthi irah- irahan “Belik” menika kados tembung „belik‟ ingkang saged dipuntingali ing data ngandhap menika. 12 Warti methentheng ana sandhuwure belik sanding omahe. Dene ing belik kono mau ono wong wadon cacah telu isih pada umbah-umbah. Wong-wong wadon sing padha umbah-umbah kuwi mau padha mlenggak lan nyawang Warti. Data Lampiran No. 36 Data 12 ing nginggil menika minangka paragraf ingkang wosipun nggambaraken Warti duka amagi wonten ingkang ngangge belik wonten ing sandhing griyanipun ingkang dipunrumaosi belik menika kangunganipun, saengga sinten kemawon ingkang badhe ngginakaken belik menika kedah matur rumiyin kaliyan Warti. Saking data 12 menika saged dipuntingali bilih ukara menika ngemot sanding kata budaya amargi tembung ingkang dipunginakaken inggih menika „belik‟ ingkang tegesipun „sendhang alit utawi tuk wonten ing pinggir lepen‟. „Belik‟ menika kalebet sanding kata budaya amargi kawontenan „belik‟ menika boten wonten ing sedaya panggenan ananging namung wonten ing dhusun-dhusun ingkang pinggiran-pinggiranipun menika taksih kathah tuk utawi lepen. Jinis data menika saged dipuntemtukaken saking tembung ingkang dipunginakaken inggih menika „belik‟ ugi wonten tembung „umbah-umbah‟ saengga data menika kalebet sanding kata budaya.