Wosing Panaliten Ancasing Panaliten

9 BAB II GEGARAN TEORI

A. Wacana

1. Pangertosan Wacana

Pangertosan wacana menika werni-werni. Miturut Hayon 2007: 39 tembung wacana menika terjemahan saking basa Inggris discourse. Tembung discourse menika asalipun saking tembung latin “discursus” ingkang kadhapuk saking “dis” kaliyan “curre” tegesipun “berlari kesana kemari”. Douglas ing Mulyana, 2005: 3 ngandharaken bilih wacana menika asalipun saking basa Sansekerta wacwakvak. Tegespun tembung wacwakvak menika “berkata”, “berucap”. Tembung wacwakvak menika kalebet tembung kriya, angsal panambang “-ana” dados wacana. Tembung wacana menika kalebet tembung aran saengga saged dipunsebat turunan. Kridalaksana ing Sumarlam, 2003: 3 ngandharaken bilih wacana inggih menika perangan ingkang paling jangkep ing tataran gramatikal. Miturut Chaer 1994: 267 wacana menika perangan basa ingkang paling jangkep, saengga wonten ing tataran basa, wacana menika kalebet perangan ingkang paling inggil. Dipunsebat perangan ingkang jangkep amargi wacana menika ngemot gagasan, konsep utawi pamanggih ingkang jangkep saengga gampil dipunmangertosi dening pamaos utawi pamireng. Pamanggihipun Kridalaksana menika laras kaliyan pamanggihipun Chaer bilih wacana minangka perangan basa ingkang paling jangkep. 10 Menawi dipuntingali saking wujudipun, wacana kalebet perangan basa ingkang paling jangkep wujudipun amargi wujudipun wacana menika ing nginggilipun ukara utawi klausa. Unsur pokok wacana menika kadhapuk saking sambet rapetipun ukara setunggal kaliyan ukara sanesipun ingkang dipunpangribawa kanthi sarana kohesi Tarigan, 1987: 26. Saking pamanggihipun Tarigan menika saged dipuntingali bilih wacana menika boten namung perangan ingkang jengkep wujudipun, nanging wacana menika ugi dipundhapuk dening sambet rapetipun ukara. Sambet rapetipun ukara menika dipundhapuk kanthi penganggening kohesi. Adhedhasar pemanggih-pemanggihipun para ahli ing nginggil menika, saged dipundamel sarining pangertosan bilih wacana menika salah setunggaling perangan basa ingkang paling jangkep ing tataran basa ingkang wonten gayutanipun kaliyan kohesi.

2. Keutuhan Wacana

Mulyana 2005: 25 ngandharaken bilih wacana ingkang wentah inggih menika wacana ingkang jangkep, tegesipun inggih menika ingkang ngemot aspek- aspek ingkang gembleng saha nyawiji. Aspek wetahing wacana menika antawisipun kohesi, koherensi, topik wacana, aspek leksikal, aspek gramatikal, aspek fonologis, saha aspek semantis. Wetahing wacana saged dipunurut adhedhasar ukara ingkang wonten ing ngajengipun utawi ukara ingkang wonten ing wingkingipun wacana. Ukara sepisan ndadosaken wontenipun ukara kaping kalih, ukara kaping kalih