Nalaring Pikir KOHESI LEKSIKAL KOLOKASI WONTEN ING RUBRIK CERITA CEKAK KALAWARTI DJAKA LODANG EDISI 03-22 TAUN XLIII (15 JUNI 2013 - 26 OKTOBER 2013).

45

B. Data lan Sumbering Data

Data ingkang dipunpanggihaken ing cariyos cekak Kalawarti Djaka Lodang Edisi 03 – 22 Taun XLIII 15 Juni 2013 – 26 Oktober 2013 menika jinis saha fungsi kohesi leksikal kolokasi. Dhata ingkang sampun dipunpanggihaken lajeng dipunpantha-pantha miturut jinising kohesi leksikal kolokasi saha fungsi kohesi leksikal kolokasi. Panganggening perangan basa cariyos cekak Kalawarti Djaka Lodang Edisi 03 – 22 Taun XLIII 15 Juni 2013 – 26 Oktober 2013 menika kathah dipunpangaribawa dening pangganggening kohesi. Kohesi menika perangan ingkang ndamel larasing wacana. Sumber dhata panaliten menika cariyos cekak Kalawarti Djaka Lodang Edisi 03 – 22 Taun XLIII 15 Juni 2013 – 26 Oktober 2013. Wonten ing rubrik cerita cekak Kalawarti Djaka Lodang Edisi 03 – 22 Taun XLIII 15 Juni 2013 – 26 Oktober 2013 menika dipunpanggihaken jinis-jinisipun kohesi leksikal, ananging wonten ing panaliten menika panaliti nyawijikaken wonten ing babagan kohesi leksikal kolokasi. Senajan wujudipun cariyos cekak ananging boten medal saking unsur wacananipun. Kalawarti Djaka Lodang menika kalebet kalawarti basa Jawi ingkang kabeber saben seminggu sepisan.

C. Caranipun Ngempalaken Data

Anggenipun ngempalaken dhata kanthi maos saha nyathet. Ingkang sepisan, panaliti maos cariyos cekak kalawarti Djaka Lodang Edisi 03 – 22 Taun XLIII 15 Juni 2013 – 26 Oktober 2013 kangge manggihaken jinising kohesi leksikal kolokasi saha wujudipun kohesi leksikal kolokasi ingkang wujudipun morfem, tembung, frasa, klausa utawi perangan ingkang langkung wiyar. Kaping kalih 46 dipuntindihaken teknik nyathet. Teknik nyathet dipuntindihaken dening panaliti kangge nyatet sedaya dhata ingkang dipunkinten-kinten kalebet jinisipun kohesi leksikal kolokasi. Cak-cakanipun nindakaken ngempalaken dhata, inggih menika: 1. nyamektakaken sumbering data ingkang awujud cariyos cekak wonten ing salebeting kalawarti Djaka Lodang Edisi 03 – 22 Taun XLIII 15 Juni 2013 – 26 Oktober 2013 ; 2. maos kanthi tliti antawisipun ukara setunggal kaliyan ukara sanesipun kangge manggihaken jinising kohesi leksikal kolokasi saha fungsinipun kohesi leksikal kolokasi; 3. bibaripun maos dipunlajengaken nyatet data kohesi leksikal kolokasi wonten ing kertu data; 4. asiling nyathet ing kertu data lajeng dipunperang miturut jinising kohesi leksikal kolokasi saha fungsinipun kohesi leksikal kolokasi.

D. Pirantining Panaliten

Adhedhasar teknik ngempalaken dhata ing nginggil, pirantining panaliten ingkang dipunginakaken inggih menika tabel analisis data kabiyantu dening kertu data. Tabel analisis data menika dipunginakaken kangge nganalisis data ingkang gegayutan kaliyan kaliyan wosing panaliten, wondene kertu data dipundinakaken kangge nyerat data panaliten ingkang dipunpanggihaken. 47 Gambar 1: Format Kartu Analisis Data Katrangan: Sumber : sumber dhata saking rubrik cerita cekak kalawarti Djaka Lodang, nomer edisi, kaca, nomer urut. No. : nomer dhata Kaca : kaca cariyos cekak kalawarti Djaka Lodang Dhata : awujud rerangkening ukara ingkang ngemot kohesi leksikal Jinis : jinis kohesi leksikal kolokasi Fungsi : fungsi lingual kohesi leksikal kolokasi Kangge manggihaken dhata panaliti menika nyamektakaken dhata awujud cerita cekak Kalawarti Djaka Lodang Edisi 03-22 Taun XLIII 15 Juni 2013 – 26 Oktober 2013. Sasampunupun nyamektakaken dhata lajeng maos kanthi tliti antawisipun ukara setunggal kaliyan ukara sanesipun kangge manggihaken dhata awujud morfem, tembung, frasa, klausa utawi perangan ingkang langkung wiyar. Bibar maos dipunlajengaken nyathet dhata kohesi leksikal ing kertu dhata. Panaliti nglebetaken dhata saking kartu analisis data saha tabel analisis data. Sumber : DL. 08. 20. 054 No. : 054 Kaca : 20 Dhata : Saben-saben butuh kanca, Satrio sok siap ngancani. Pancene Satrio ya mambu ati marang Wika dadine arep Wika ngana-ngene diturat- turuti wae. Jinising : Kolokasi utawi sanding kata khusus ingkang awujud idiom “mambu ati ”. Fungsi : “Mambu ati” menika tembung katrangan ingkang nerangaken kahanan inggih menika kata sifat.