Bapak pancen seniman komplit. Ya ing karawitan, ndhalang, ngetoprak ing tobong, ya

57

1. Jinising

Kohesi Leksikal Kolokasi Kados ingkang wonten ing Tabel 1, jinis kohesi leksikal kolokasi ingkang wonten ing cariyos cekak kalawarti Djaka Lodang Edisi 03-22 Taun XLIII 15 Juni 2013 – 26 Oktober 2013 antawisipun sanding kata umum, sanding kata unik, sanding kata register, sanding kata khusus, sanding kata budaya. Wonten ing ngandhap menika pirembagan babagan jinis-jinis kohesi leksikal kolokasi ingkang wonten ing cariyos cekak kalawarti Djaka Lodang Edisi 03-22 Taun XLIII 15 Juni 2013 – 26 Oktober 2013 saha tuladhanipun. a. Sanding Kata Umum Sanding kata umum inggih menika sanding kata ingkang dipunginakaken wonten ing basa padintenan. Sanding kata ingkang dipunginakaken boten wonten gayutanipun kaliyan profesi, hobi, utawi budaya tartamtu ananging tegesipun saged dipunmangertosi kaliyan sinten kemawon. Sanding kata umum ingkang dipunpanggihaken wonten ing cariyos cekak kalawarti Djaka Lodang kanthi irah- irahan “Rejeki ora Bakal Kleru Tibane” menika kados tetembungan ingkang sesandhingan inggih menika „nonton tari-tarian‟, „tetembangan‟, saha „ngedum hadiah ‟saged dipuntingali ing data ngandhap menika. 1 Jam sepuluh jalan santai wis rampung, mubengi kutha Muntilan, banjur padha nonton tari-tarian, tetembangan, lan ngedum hadiah. Data Lampiran No. 30 Data 1 ing nginggil menika minangka paragraf ingkang wosipun ngandharaken bilih sakbibaripun jalan santai pukul sedasa menika dipunlajengaken sami mriksani tari-tarian, tetembangan, kaliyan ngedum hadiah. Saking tuladha menika saged dipuntingali bilih ukara menika ngemot sanding 58 kata umum amargi tembung-tembung ingkang dipunginakaken menika limrah saha gampil dipunmangertosi tegesipun. Saha tembung ingkang dipunginakaken inggih menika „nonton tari-tarian‟, „tetembangan‟, saha „ngedum hadiah‟ taksih wonten ing setunggal jaringan inggih menika acara wonten ing jalan antai menika. 2 Kertas kang kajereng iku banjur dilempit maneh. Pardi anteng nyawang sepine kahanan. Data Lampiran No. 1 Sanding kata umum data 2 menika dipunpanggihaken wonten ing cariyos cekak kalawarti Djaka Lodang kanthi irah-irah an “Bathik saka Bapak”. Wosipun paragraf ing nginggil menika kawontenan sakiwa tengenipun nalika Pardi maos serat. Paragraf menika kasusun saking kalih ukara kados ing ngandhap menika. 2a Kertas kang kajereng iku banjur dilempit maneh. 2b Pardi anteng nyawang sepine kahanan. Data 2a saha 2b ing nginggil menika nggambaraken kahanan ing sakiwa- tengenipun Parni nalika sasampunipun maos serat. Ing ukara 2a menika nyariyosaken bilih serat ingkang sampun dipunwaos kaliyan pardi menika dipunlempit malih. Ukara 2b nggambaraken bilih kawontenan sakiwa- tengenipun Pardi ingkang sepi. Ing data menika kapanggihaken tembung „anteng‟ saha „sepine‟ menika ingkang nedahaken bilih data ing nginggil menika wonten kohesi leksikal kolokasi ingkang kalebet sanding kata umum. Anggenipun mbuktekaken menawi data menika kalebet sanding kata umum inggih menika kanthi cara ngicali satuan lingual ingkang minangka tembung-tembung ingkang berkolokasi ingkang kalebet sanding kata umum inggih menika tembung „anteng‟ saha „sepine‟ ing ukara 2b. Menawi tembung „anteng‟ saha „sepine‟ ing ukara 2b menika dipunicali lajeng dipunwaos saha dipunjumbuhaken kaliyan konteks,