66
wontenipun bebasan kadosta „cebol nggayuh lintang‟ ingkang berkolokasi ing
nginggil kanthi konteks menika njurung gemblengipun wacana.
e. Sanding Kata Budaya
Sanding kata budaya inggih menika tembung-tembung ingkang wonten gayutanipun kaliyan budaya mliginipun budaya Jawi. Sanding kata budaya
ingkang dipunpanggihaken wonten ing cariyos cekak kalawarti Djaka Lodang kanthi irah-
irahan “Belik” menika kados tembung „belik‟ ingkang saged dipuntingali ing data ngandhap menika.
12
Warti methentheng ana sandhuwure belik sanding omahe. Dene ing
belik kono mau ono wong wadon cacah telu isih pada umbah-umbah. Wong-wong wadon sing padha umbah-umbah kuwi mau padha
mlenggak lan nyawang Warti. Data Lampiran No. 36
Data 12 ing nginggil menika minangka paragraf ingkang wosipun nggambaraken Warti duka amagi wonten ingkang ngangge belik wonten ing
sandhing griyanipun ingkang dipunrumaosi belik menika kangunganipun, saengga sinten kemawon ingkang badhe ngginakaken belik menika kedah matur rumiyin
kaliyan Warti. Saking data 12 menika saged dipuntingali bilih ukara menika ngemot sanding kata budaya amargi tembung ingkang dipunginakaken inggih
menika „belik‟ ingkang tegesipun „sendhang alit utawi tuk wonten ing pinggir lepen‟. „Belik‟ menika kalebet sanding kata budaya amargi kawontenan „belik‟
menika boten wonten ing sedaya panggenan ananging namung wonten ing dhusun-dhusun ingkang pinggiran-pinggiranipun menika taksih kathah tuk utawi
lepen. Jinis data menika saged dipuntemtukaken saking tembung ingkang dipunginakaken inggih menika
„belik‟ ugi wonten tembung „umbah-umbah‟ saengga data menika kalebet sanding kata budaya.
67
Sanding kata budaya ingkang dipunpanggihaken wonten ing cariyos cekak kalawarti Djaka Lodang Lodang kanthi irah-
irahan “Prasetyaku” menika kados tembung
„seniman komplit‟, „karawitan‟, „ndhalang‟, „ngetoprak‟, „mucal beksan klasik
‟ingkang saged dipuntingali ing data ngandhap menika. 13
Biyen Bapak ngasta guru Bahasa Inggris ing SMA 1 ing kutha R, sadurunge ana ontran-ontran taun 1965. Bapak pancen seniman
komplit. Ya ing karawitan, ndhalang, ngetoprak ing tobong, ya mucal beksan klasik. Nanging sing beken ana ing karawitan. Saben
malem Minggu ndherek ngrawit ing tobong ketoprak. Data Lampiran No. 69
Data 13 ing nginggil menika minangka paragraf ingkang wosipun ngandharaken kaprigelanipun tokok “Bapak” ingkang kalebet „seniman komplit‟,
inggih menika gadhah kaprigelan saged „karawitan‟, „ndhalang‟, „ngetoprak‟, „mucal beksan klasik‟. Saking data 13 menika saged dipuntingali bilih ukara
menika ngemot sanding kata budaya amargi tembung ingkang dipunginakaken inggih menika
„karawitan‟, „ndhalang‟, „ngetoprak‟, „mucal beksan klasik‟ ingkang kalebet kolokasi budaya inggih menika kalebet seni kabudayan Jawi.
2. Fungsi
Kohesi Leksikal Kolokasi a.
Tembung Katrangan ingkang Nerangaken Tembung Kriya
Tembung katrangan ingkang nerangaken tembung kriya ingkang dipunpanggihaken wonten ing cariyos cekak kalawarti Djaka Lodang kanthi irah-
irahan “Tembang Ireng Peteng Wengi” saged kaandharaken wonten ing ngandhap
menika.
14
Rampung sekolah es-em-a, aku kursus njahit. Lan kasil kanthi becik.
Aku banjur ditukokkake mesin jahit dening Bapak. Ora ketang siji loro wis ana kang njaitake marang aku. Jare jahitanku klebu alus,
upama dibiji ngono wis entuk enem setengah. Nanging urip ing ndesa kuwi klebu gampang angel. Contone kaya sing daklakoni iki, wong-
68
wong sing njahitake akeh-akehe utang. Lan padatan terus lali yen duwe utang. Mula usaha jahitanku suwe-suwe ora mlaku. Awit ora
ono sing njaitake meneh. Data Lampiran No. 48
Wosipun paragraf 14 ing nginggil menika ngandharaken bilih tokoh „aku‟
menika gadhah kaprigelan njahit ingkang sae saha alus kasil saking kursus saksampunipun lulus SMA. Saking data 14
ing nginggil tembung „kursus njahit‟ sah
a tembung „njahitake‟ menika kalebet tembung kriya ingkang mratelakaken tandang gawe.
Tembung „kursus njahit‟ saha tembung „njahitake‟ menika ugi kalebet kolokasi utawi sanding kata ingkang gadhah fungsi inggih menika
tembung katrangan ingkang nerangaken tembung kriya. Tembung katrangan ingkang nerangaken tembung kriya ingkang
dipunpanggihaken wonten ing cariyos cekak kalawarti Djaka Lodang kanthi irah-
irahan “Prasetyaku” saged kaandharaken wonten ing ngandhap menika.
15
Biyen Bapak ngasta guru Bahasa Inggris ing SMA 1 ing kutha R,
sadurunge ana ontran-ontran taun 1965. Bapak pancen seniman komplit. Ya ing karawitan, ndhalang, ngetoprak ing tobong, ya mucal
beksan klasik. Nanging sing beken ana ing karawitan. Saben malem Minggu ndherek ngrawit ing tobong ketoprak. Data Lampiran No.
69
Wosipun paragraf 15 ing nginggil menika ngandharaken padamelanipun Bapak inggih menika dados guru Bahasa Inggris saha seniman komplit. Saking
data 15 ing nginggil tembung „ngasta guru‟, „ndalang‟, „ngetoprak‟, „mucal
beksan klasik‟, saha „ndherek ngrawit‟ menika kalebet tembung kriya ingkang
mratelakaken tandang gawe. Tembung „ngasta guru‟, „ndalang‟, „ngetoprak‟,
„mucal beksan klasik‟, saha „ndherek ngrawit‟ menika ugi kalebet kolokasi utawi
69
sanding kata ingkang gadhah fungsi inggih menika tembung katrangan ingkang nerangaken tembung kriya.
b. Tembung Katrangan ingkang Nerangaken Kata Sifat
1 Tembung Kahanan
Tembung katrangan ingkang nerangaken tembung watak utawi kahanan ingkang dipunpanggihaken wonten ing cariyos cekak kalawarti Djaka Lodang
kanthi irah- irahan “Tembanag Ireng Peteng Wengi” saged kaandharaken wonten
ing ngandhap menika.
16
Sikepe Satoni ora owah. Dheweke iseh kayabocah ndesa. Sopan santun lembah manah isih dijaga. Patrape panggah kalem, sithik
guneman. Dheweke gelem crita yen ditakoni, paribasane kaya gong kae, yen ora ditabuh ora muni. Data Lampiran No. 50
Wosipun paragraf 16 ing nginggil menika ngandharaken watakipun Satoni. Data paragraf 16 ing nginggil menika ngemot tembung-tembung ingkang
kalebet tembung kahanan utawi watak inggih menika „kaya bocah ndesa‟ „sopan
santun‟, „lembah manah isih dijaga‟, „kalem‟, „sithik guneman‟. Menika ngandharaken sifat utawi watakipun tiyang sanes.
Tembung „kaya bocah ndesa‟ menika ugi kalebet kolokasi utawi sanding kata ingkang gadhah fungsi inggih
menika tembung katrangan ingkang nerangaken kahanan inggih menika kata sifat ingkang nerangaken tembung „sopan santun‟, „lembah manah isih dijaga‟,
„kalem‟, „sithik guneman‟. Tembung katrangan ingkang nerangaken tembung watak utawi kahanan
ingkang dipunpanggihaken wonten ing cariyos cekak kalawarti Djaka Lodang kanthi irah-
irahan “Belik” saged kaandharaken wonten ing ngandhap menika.