Tembung Katrangan ingkang Nerangaken

78 31 Alon-alon Pardi ninggalake taman. Angin ngelus kulite, ngelus balung lan otote kang ketaman cidraning asmara. Pardi lumaku sinambi kadhangkala ngremet bathike. Bathik tandha tresna bapak lan ibune. Data Lampiran No. 11 Saking data 31 ing nginggil inggih menik a „Pardi lumaku sinambi kadhangkala ngremet bathike ‟ menika kalebet tembung katrangan ingkang minangka petunjuk frekuensi , inggih menika tembung „kadhangkala‟ menika memperjelas maksud utawi makna ingkang badhe kaandharaken wonten ing ukara menika. Tembung „kadangkala ngremet‟ menika kabentuk saking tembung „kadangkala‟ kaliyan tembung „ngremet‟. Tembung „kadangkala‟ menika setunggal morfem asal , wondene tembung „ngremet‟ menika ugi setunggal morfem. Kalih tembung menika dipunsandhingaken saengga awujud tembung katrangan ingkang dipuncambor. 4 Tembung Katrangan minangka Petunjuk Waktu Tembung katrangan ingkang nerangaken katrangan wonten ing ukara ingkang dipunpanggihaken wonten ing cariyos cekak kalawarti Djaka Lodang kanthi irah- irahan “Rejeki ora Bakal Kleru Tibane” saged kaandharaken wonten ing ngandhap menika. 32 “Suk kapan ya Pak, omahe dhewe ki ora bocor nek usum udan, ora sumuk yen usum panas ?”. . . “Ping pira ya Bu, olehmu pitakonan ngono kuwi karo aku?” Data Lampiran No. 14 Saking data 32 ing nginggi l inggih menika „Suk kapan ya Pak, omahe dhewe ki ora bocor ‟ menika kalebet tembung katrangan ingkang minangka petunjuk waktu , inggih menika tembung „suk kapan‟ menika memperjelas maksud utawi makna ingkang badhe kaandharaken wonten ing ukara menika. Tembung 79 „suk kapan‟ menika kabentuk saking tembung „suk‟ inggih menika cekakan saking tembung „mbesuk‟ kaliyan tembung „kapan‟. Tembung „suk‟ menika setunggal morfem asal , wondene tembung „kapan‟ menika ugi setunggal morfem. Kalih tembung menika dipunsandhingaken saengga awujud tembung katrangan ingkang dipuncambor. Tembung katrangan ingkang nerangaken katrangan wonten ing ukara ingkang dipunpanggihaken wonten ing cariyos cekak kalawarti Djaka Lodang kanthi irah- irahan “Dudu Rama lan Sinta” saged kaandharaken wonten ing ngandhap menika. 33 Nalika sekolah biyen aku duwe kanca arane Arum, amor saklas terus, wiwit kelas siji SMP ngantilulus sarjana. Saben dina runtang- runtung ngasi kaya sedulur. Bareng wis kuliah, srawungku mekar dadi sambung tresna. Data Lampiran No. 31 Saking data 33 ing nginggil inggih menika „nalika sekolah biyen‟, „saklas‟, „wiwit kelas siji SMP‟, „nganti lulus sarjana‟, „bareng wis kuliah‟ menika kalebet tembung katrangan ingkang minangka petunjuk waktu, inggih menika tembung „nalika seklah biyen‟, „saklas‟, „wiwit kelas siji SMP‟, „nganti lulus sarjana‟, „bareng wis kuliah‟ menika memperjelas maksud utawi makna ingkang badhe kaandharaken wonten ing ukara menika. Tembung „nalika sekolah biyen ‟menika kabentuk saking „nalika‟, „sekolah‟ kaliyan tembung „biyen‟. Tembung „nalika‟ menika setunggal morfem asal, wondene tembung „sekolah‟ saha „kapan‟ menika ugi setunggal morfem. Tembung menika dipunsandhingaken saengga awujud tembung katrangan ingkang dipuncambor.