10
Menawi dipuntingali saking wujudipun, wacana kalebet perangan basa ingkang paling jangkep wujudipun amargi wujudipun wacana menika ing
nginggilipun ukara utawi klausa. Unsur pokok wacana menika kadhapuk saking sambet rapetipun ukara setunggal kaliyan ukara sanesipun
ingkang dipunpangribawa
kanthi sarana
kohesi Tarigan,
1987: 26.
Saking pamanggihipun Tarigan menika saged dipuntingali bilih wacana menika boten
namung perangan ingkang jengkep wujudipun, nanging wacana menika ugi dipundhapuk dening sambet rapetipun ukara. Sambet rapetipun ukara menika
dipundhapuk kanthi penganggening kohesi. Adhedhasar pemanggih-pemanggihipun para ahli ing nginggil menika,
saged dipundamel sarining pangertosan bilih wacana menika salah setunggaling perangan basa ingkang paling jangkep ing tataran basa ingkang wonten
gayutanipun kaliyan kohesi.
2. Keutuhan Wacana
Mulyana 2005: 25 ngandharaken bilih wacana ingkang wentah inggih menika wacana ingkang jangkep, tegesipun inggih menika ingkang ngemot aspek-
aspek ingkang gembleng saha nyawiji. Aspek wetahing wacana menika antawisipun kohesi, koherensi, topik wacana, aspek leksikal, aspek gramatikal,
aspek fonologis, saha aspek semantis. Wetahing wacana saged dipunurut adhedhasar ukara ingkang wonten ing
ngajengipun utawi ukara ingkang wonten ing wingkingipun wacana. Ukara sepisan ndadosaken wontenipun ukara kaping kalih, ukara kaping kalih
11
ndadosaken wontenipun ukara ingkang kaping tiga, lan salajengipun. Wonten ing setunggaling cariyos, reroncening ukara menika ndadosaken wontenipun paragraf.
Paragraf nggih menika perangan saking karangan utawi tuturan ingkang kasusun saking ukara-ukara ingkang ngemot informasi Ramlan, 1993: 1.
Wontenipun informasi ingkang dipunandharaken ing ukara setunggal gegayutan kaliyan informasi ingkang wonten ing ukara salajengipun. Ateges informasi-
informasi ingkang dipunandharaken ing ukara-ukara ingkang nyusun dados paragraf ingkang wonten gayutanipun utawi gembleng. Gembleng menika
minangka sarat kangge nyusun paragraf Ramlan, 1993: 9.
3. Jinising Wacana
Miturut Mulyana 2005: 54 wacana menawi dipuntingali saking sipatipun saged dipunperang dados kalih jinis inggih menika wacana fiksi kaliyan wacana
non fiksi. Ing ngandhap menika badhe dipunandharaken wosing wacana fiksi kaliyan wacana non fiksi.
a. Wacana
Fiksi
Wacana fiksi inggih menika wacana ingkang wujud saha cariosipun adhedhasar saking imajinasi utawi pamanggihipun pangripta. Wacana fiksi
ngginakaken basa ingkang konotatif, dipunandharaken kanthi basa rinengga. Waosan fiksi ugi saged ngemot fakta utawi kasunyatan ananging adhedhasar
sifatipun karya kados menika dipunsebat karya fiktif. Wacana fiksi dipunperang dados tigang jenis inggih menika wacana prosa, wacana puisi, kaliyan wacana
drama.
12
Wacana prosa inggih menika waosan ingkang dipunandharaken utawi dipunserat kanthi wujud gancaran. Tuladha wacana prosa inggih menika cerkak,