Sanding Kata Budaya Jinising Kohesi Leksikal

32 2 Tembung Keadaan Warna Tembung keadaan warna inggih menika tembung ingkang ngandharaken warna setunggaling barang utawi babagan. Ingkang kalebet tembung warna menika kadosta abang, ijo, kuning, ireng, putih. Tuladha tembung keadaan warna saged kaandharaken ing ngandhap menika. Pardi glosoran meneh ing kasur. Dibuka kothakan soklat ing dhuwur meja sinaune. Diwetokake bathik kang wis winahya ing layang, bathik werna soklat kanthi motif cuwiri. Kawhie, 2013: 20 Tuladha paragraf ing nginggil menika ngemot tembung ingkang kalebet tembung keadaan warna inggih menika “soklat”. Tembung “soklat” menika nerangaken tembung “bathik motif cuwiri” ingkang gadhah warna “soklat”. 3 Tembung Keadaan Ukuran Tembung keadaan ukuran menika tembung ingkang mratelakaken ukuran setunggaling barang utawi babagan. Tuladhanipun tembung ingkang mratelakaken ukuran inggih menika kadosta tembung kandel, tipis, akeh, sithik. Tuladha tembung keadaan ukuran saged kaandharaken ing ngandhap menika. “Dhik Arum sing dak tresnani. Ora ana dalan liya Dhik. Demi rasa kurmat lan bekti marang wong tuwa, awake dhewe kudu rila murungake sedya senadyan aku ngerti, ati bakal remuk rempu dadi lebu .” Suryadi, 2013: 20 Tuladha ing nginggil inggih menika “remuk rempu dadi lebu” kalebet tembung keadaan ukuran. Kalebet tembung keadaan ukuran menika katingal wonten ing ukara menika tembung “ati” ingkang dipungambaraken “remuk rempu dados lebu ”. 33 4 Tembung Keadaan Bentuk Tembung keadaan bentuk menika tembung ingkang mratelakaken bentuk setunggaling barang utawi babagan. Tuladhanipun tembung ingkang mratelakaken bentuk inggih menika kadosta tembung lurus, bengkok, bunder, kothak, lonjong. Tuladha tembung keadaan bentuk saged kaandharaken ing ngandhap menika. “Ya eling ta Pak. Biyen awake dhewe isih ngontrak pindhah-pindhah omah. Saiki sanajan ora magrong-magrong wis bisa duwe omah gedhong. Sulistyawati, 2013: 20 Tembung “omah gedhong” ing tuladha paragraf ing nginggil menika kalebet tembung keadaan bentuk amargi ukara menika ngandharaken bentuk utawi wujudipun omah ingkang gedhong. Wonten ing Kamus Baoesastra Djawa menika tembung gedhong tegesipun “omah ingkang mawa pager bata” inggih menika omah ingkang katingal ageng magrong-magrong. 5 Tembung Keadaan Jarak Tembung keadaan jarak menika tembung ingkang mratelakaken jarak setunggaling barang utawi babagan. Tuladhanipun tembung ingkang mratelakaken jarak inggih menika kadosta tembung adoh, cedhak, cepet, suwe. Tuladha tembung keadaan jarak saged kaandharaken ing ngandhap menika. Obrolan lumantar facebook iku kawitane biasa-biasa wae. Suwe-suwe mecungul tembung-tembung mesra, asmara. Kaya ABG wae. Telung jam rasane kaya telung menit. Eswe Sidi, 2013: 20 Tuladha paragraf ing nginggil inggih menika “telung jam rasane kaya telung menit ” kalebet tembung keadaan jarak amargi tembung menika nggambaraken bilih wekdal ingkang kalampahan menika kraos cepet, kasunyatanipun menika tigang jam ananging kraos tigang menit.