Pirantining Panaliten KOHESI LEKSIKAL KOLOKASI WONTEN ING RUBRIK CERITA CEKAK KALAWARTI DJAKA LODANG EDISI 03-22 TAUN XLIII (15 JUNI 2013 - 26 OKTOBER 2013).

49 No. Deskripsi Jenis Kohesi Leksikal Kolokasi Fungsi Kohesi Leksikal Kolokasi Keterangan 1 2 3 4 5 setunggaling jaringan inggih menika nggambarake kahanan. Gambar 2: Format Tabel Analisis Data Keterangan : Jinis kohesi leksikal kolokasi: 1. sanding kata umum, 2. sanding kata unik, 3. sanding kata register, 4. sanding kata khusus, 5. sanding kata budaya. Fungsi kohesi leksikal kolokasi: 1. tembung katrangan ingkang nerangaken tembung kriya, 2. tembung katrangan ingkang nerangaken kata sifat, 3. tembung katrangan ingkang nerangaken nomina ingkang minangka wasesa utawi predikatif, 4. tembung katrangan ingkang neranaken katrangan wonten ing ukara, 5. tembung katrangan ingkang nerangaken tembung wilangan. 50

F. Validitas saha Reliabilitas

Cara ingkang dipunginakaken kangge validitas data wonten ing panaliten menika kanthi validitas triangulasi teori, valisitas semantik, saha tetimbangan ahli. Validitas triangulasi teori dipuntindakaken kanthi cara njumbuhaken data kaliyan landhesan teori ingkang dipunginakken. Validitas semantik inggih menika dhata-dhata ingkang wonten sambet rapetipun kaliyan kohesi leksikal kolokasi ing cariyos cekak Kalawarti Djaka Lodang Edisi 03 – 22 Taun XLIII 15 Juni 2013 – 26 Oktober 2013 dipunpadosi jinis saha fungsinipun. Uji validitas semantik menika ugi nafsiraken dhata kanthi nggatosaken tegesipun. Data ingkang awujud satuan lingual tembung, frasa, utawi klausa dipunmaknani miturut konteksipun pramila langkung gampil dipunmangertosi. Wondene tuladhanipun inggih menika. Rampung sekolah es-em-a, aku kursus njahit. Lan kasil kanthi becik. Aku banjur ditukokkake mesin jahit dening Bapak. Ora ketang siji loro wis ana kang njaitake marang aku. Jare jaitanku klebu alus, upama dibiji ngono wis entuk enem setengah. Nanging urip ing ndesa kuwi klebu gampang angel. Contone kaya sing daklakoni iki, wong-wong sing njahitake akeh-akehe utang. Lan padatan terus lali yen duwe utang. Mula usaha jahitanku suwe- suwe ora mlaku. Awit ora ono sing njaitake meneh. Data Lampiran No. 48 Data ingkang dipunpanggihaken wonten ing cariyos cekak Kalawarti Djaka Lodang kanthi irah- irahan “Tembang Ireng Peteng Wengi” menika kalaebet sanding kata umum. Wosipun paragraf ing nginggil menika ngandharaken bilih tokoh “aku” menika gadhah kaprigelan njahit ingkang sae saha alus kasil saking kursus saksampunipun lulus SMA. Saking data menika saged dipuntingali bilih ukara menika ngemot sanding kata umum babagan pendhidhikan katingal saking tembung-tembung ingkang dipunginakaken inggih menika „rampung sekolah es- 51 em- a‟,„aku kursus njahit‟, „kasil kanthi becik‟,„jahitanku klebu alus‟, „dibiji‟, „enem setengah‟. Kalebet sanding kata umumamargi tembung ingkang dipunginakaken menika gampil dipunmangertosi saha antawisipun tembung setunggal kaliyan tembung sanesipun menika taksih wonten gegayutanipun. Wondene fungsinipun tembung wonten data ing nginggil inggih menika tembung „kursus njahit‟ saha tembung „njahitake‟ menika kalebet tembung kriya ingkang mratelakaken tandang gawe. Tembung „kursus njahit‟ saha tembung „njahitake‟ menika ugi kalebet kolokasi utawi sanding kata ingkang gadhah fungsi inggih menika tembung katrangan ingkang nerangaken tembung kriya. Wonten ugi tuladha tembung ingkang nerangaken keadaan rasa indra inggih menika „jahitanku klebu alus‟ tegesipun jahitan ingkang dipundamel kaliyan tokoh aku menika katingal alus utawi rapi boten wonten cacatipun. Ukara „umpama dibiji ngono wis entuk enem setengah ‟ menika ngemot tuladha fungsi kohesi leksikal kolokasi inggih menika, tembung „umpama‟ saha „entuk‟ menika tembung katrangan ingkang nerangaken tembung wilangan pecahan „enem setengah‟. Saengga wonten ing paragraf ing nginggil data menika kalebet tembung katrangan ingkang nerangaken tembung wilangan. Tetimbangan ahli dipuntindakaken kanthi mengkonsultasikan data ingkang sampun dipunpanggihaken inggih menika babagan panaliten kaliyan ahli ingkang mangertos babagan ingkang dipuntliti, ahli wonten ing panaliten menika dosen pembimbing. Reliabilitas ingkang dipunginakaken ing panaliten menika ngginakaken uji reliabilitas stabilitas. Reliabilitas dipuntindakaken kanthi maos cariyos cekak