Caranipun Nganalisis Data KOHESI LEKSIKAL KOLOKASI WONTEN ING RUBRIK CERITA CEKAK KALAWARTI DJAKA LODANG EDISI 03-22 TAUN XLIII (15 JUNI 2013 - 26 OKTOBER 2013).

51 em- a‟,„aku kursus njahit‟, „kasil kanthi becik‟,„jahitanku klebu alus‟, „dibiji‟, „enem setengah‟. Kalebet sanding kata umumamargi tembung ingkang dipunginakaken menika gampil dipunmangertosi saha antawisipun tembung setunggal kaliyan tembung sanesipun menika taksih wonten gegayutanipun. Wondene fungsinipun tembung wonten data ing nginggil inggih menika tembung „kursus njahit‟ saha tembung „njahitake‟ menika kalebet tembung kriya ingkang mratelakaken tandang gawe. Tembung „kursus njahit‟ saha tembung „njahitake‟ menika ugi kalebet kolokasi utawi sanding kata ingkang gadhah fungsi inggih menika tembung katrangan ingkang nerangaken tembung kriya. Wonten ugi tuladha tembung ingkang nerangaken keadaan rasa indra inggih menika „jahitanku klebu alus‟ tegesipun jahitan ingkang dipundamel kaliyan tokoh aku menika katingal alus utawi rapi boten wonten cacatipun. Ukara „umpama dibiji ngono wis entuk enem setengah ‟ menika ngemot tuladha fungsi kohesi leksikal kolokasi inggih menika, tembung „umpama‟ saha „entuk‟ menika tembung katrangan ingkang nerangaken tembung wilangan pecahan „enem setengah‟. Saengga wonten ing paragraf ing nginggil data menika kalebet tembung katrangan ingkang nerangaken tembung wilangan. Tetimbangan ahli dipuntindakaken kanthi mengkonsultasikan data ingkang sampun dipunpanggihaken inggih menika babagan panaliten kaliyan ahli ingkang mangertos babagan ingkang dipuntliti, ahli wonten ing panaliten menika dosen pembimbing. Reliabilitas ingkang dipunginakaken ing panaliten menika ngginakaken uji reliabilitas stabilitas. Reliabilitas dipuntindakaken kanthi maos cariyos cekak 52 Kalawarti Djaka Lodang Edisi 03 – 22 Taun XLIII 15 Juni 2013 – 26 Oktober 2013 kanthi dipunambali, mliginipun dhata panaliten. Dhata ingkang sampun dipunpanggihaken menika dipunambali malih, dipunjumbuhaken kaliyan wosing cariyos cekak Kalawarti Djaka Lodang Edisi 03 – 22 Taun XLIII 15 Juni 2013 – 26 Oktober 2013 supados dhata ingkang dipunasilaken menika minangka dhata ingkang valid. 53 BAB IV ASILING PANALITEN SAHA PIREMBAGAN

A. Asiling Panaliten

Adhedhasar panaliten ingkang sampun katindakaken tumrap rubrik cerita cekak Kalawarti Djaka Lodang Edisi 03-22 Taun XLIII 15 Juni 2013 – 26 Oktober 2013, pikantuk asiling panaliten ingkang jumbuh kaliyan wosing perkawis inggih menika jinis kohesi leksikal kolokasi saha fungsinipun kohesi leksikal kolokasi. Asiling panaliten dipunadharaken kanthi tabel, inggih menika tabel ingkang ngemot jinis kohesi leksikal kolokasi saha fungsinipun kohesi leksikal kolokasi supados langkung cetha. Asiling panaliten menika dipunandharaken ing Tabel 1 jinis kohesi leksikal kolokasi saha Tabel 2 fungsinipun kohesi leksikal kolokasi. Tabel 1: Jinis kohesi leksikal kolokasi wonten ing rubrik cerita cekak Kalawarti Djaka Lodang Edisi 03 – 22 Taun XLIII 15 Juni 2013 – 26 Oktober 2013. No. Jinis Kohesi Leksikal Kolokasi Indikator 1. Sanding Kata Umum Rampung sekolah es-em-a, aku kursus njahit. Lan kasil kanthi becik. Aku banjur ditukokkake mesin jahit dening Bapak. Ora ketang siji loro wis ana kang njaitake marang aku. Jare jahitanku klebu alus, upama dibiji ngono wis entuk enem setengah. Nanging urip ing ndesa kuwi klebu gampang angel. Contone kaya sing daklakoni iki, wong-wong sing njahitake akeh-akehe utang. Lan padatan terus lali yen duwe utang. Mula usaha jahitanku suwe-suwe ora mlaku. Awit ora ono sing njaitake meneh. Data Lampiran No. 48 2. Sanding Kata Unik Alon-alon Pardi ninggalake taman. Angin ngelus kulite, ngelus balung lan otote kang ketaman cidraning asmara. Pardi lumaku sinambi kadhangkala ngremet bathike. Bathik tandha tresna bapak lan ibune. Data Lampiran No. 11