Pangertosan Cariyos Cekak Cariyos Cekak

44 kata umum; 2 sanding kata khusus; 3 sanding kata ingkang wonten sambet rapetipun kaliyan register; 4 sanding kata kanthi makna unik; 5 sanding kata ingkang wonten sambet rapetipun kaliyan budaya tartamtu. Kohesi leksikal menika adatipun dipunginakaken wonten ing wacana kadosta cariyos cekak. Cariyos cekak minangka salah setunggaling wujud wacana ingkang ngginakakaen kohesi leksikal mliginipun kolokasi menika ndadosaken wacana langkung gampil dipunpahami dening pamaos. Alur cariyos wonten ing cariyos cekak menika langkung gampil dipunmangertosi kanthi cetha awit kasusun saking ukara-ukara ingkang gegayutan setunggal saha sanesipun kohesif. 44 BAB III CARA PANALITEN

A. Jinising Panaliten

Panaliten menika ngginakaken metode deskriptif. Miturut Narbuko kaliyan Achmadi 2004: 44 ancasing panaliten deskriptif inggih menika ngandharaken sawijining perkawis kanthi sistematis kaliyan faktual. Sudaryanto 1998: 62 ngandharaken bilih panaliten deskriptif dipuntindaakekn kangge nggabaraken saha mahyakaken asiling panaliten kanthi menapa wontenipun utawi kanthi objektif. Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken jinising kohesi leksikal kolokasi kaliyan fungsi kohesi leksikal kolokasi ingkang awujud satuan lingual tembung, frasa, saha klausa ing saben paragraf salebeting cariyos cekak wonten ing Kalawarti Djaka Lodang Edisi 03 – 22 Taun XLIII 15 Juni 2013 – 26 Oktober 2013. Panaliten ngginakaken metode deskriptif menika dipunwiwiti kanthi nyamektakaken dhata, inggih menika cerita cekak Kalawarti Djaka Lodang Edisi 03 – 22 Taun XLIII 15 Juni 2013 – 26 Oktober 2013. Objek panaliten ingkang awujud cerita cekak Kalawarti Djaka Lodang Edisi 03 – 22 Taun XLIII 15 Juni 2013 – 26 Oktober 2013 ing panaliten menika dipunwaos kangge manggihaken dhata-dhata ingkang awujud kohesi leksikal kolokasi. Sasampunipun ngempalaken dhata kanthi teknik maos saha nyathet lajeng dhata menika dipunperang miturut jinising kohesi leksikal kolokasi saha fungsinipun kohesi leksikal kolokasi laras kaliyan teori ingkang dipunginakaken. Ingkang pungkasan inggih menika damel dudutan.