Tembung Katrangan ingkang Nerangaken Tembung Kriya

33 4 Tembung Keadaan Bentuk Tembung keadaan bentuk menika tembung ingkang mratelakaken bentuk setunggaling barang utawi babagan. Tuladhanipun tembung ingkang mratelakaken bentuk inggih menika kadosta tembung lurus, bengkok, bunder, kothak, lonjong. Tuladha tembung keadaan bentuk saged kaandharaken ing ngandhap menika. “Ya eling ta Pak. Biyen awake dhewe isih ngontrak pindhah-pindhah omah. Saiki sanajan ora magrong-magrong wis bisa duwe omah gedhong. Sulistyawati, 2013: 20 Tembung “omah gedhong” ing tuladha paragraf ing nginggil menika kalebet tembung keadaan bentuk amargi ukara menika ngandharaken bentuk utawi wujudipun omah ingkang gedhong. Wonten ing Kamus Baoesastra Djawa menika tembung gedhong tegesipun “omah ingkang mawa pager bata” inggih menika omah ingkang katingal ageng magrong-magrong. 5 Tembung Keadaan Jarak Tembung keadaan jarak menika tembung ingkang mratelakaken jarak setunggaling barang utawi babagan. Tuladhanipun tembung ingkang mratelakaken jarak inggih menika kadosta tembung adoh, cedhak, cepet, suwe. Tuladha tembung keadaan jarak saged kaandharaken ing ngandhap menika. Obrolan lumantar facebook iku kawitane biasa-biasa wae. Suwe-suwe mecungul tembung-tembung mesra, asmara. Kaya ABG wae. Telung jam rasane kaya telung menit. Eswe Sidi, 2013: 20 Tuladha paragraf ing nginggil inggih menika “telung jam rasane kaya telung menit ” kalebet tembung keadaan jarak amargi tembung menika nggambaraken bilih wekdal ingkang kalampahan menika kraos cepet, kasunyatanipun menika tigang jam ananging kraos tigang menit. 34 6 Tembung Keadaan Cara Tembung keadaan cara menika tembung ingkang mratelakaken cara nandangi setunggaling babagan. Tuladhanipun tembung ingkang mratelakaken cara inggih menika kadosta tembung alon, banter, sero, lirih. Tuladha tembung keadaan cara saged kaandharaken ing ngandhap menika. Sidane wong loro sing jebul padha-padha guru mau umyeg guyon lan padha adol crita ngayawara nyejarahe senine urip kanthi bayar cupet. Sulistyawati, 2013: 20 Saking tuladha ing nginggil menika kalebet tuladha tembung keadaan cara inggih menika “adol cerita”. Tembung “adol cerita” menika tegesipun sami nyariosaken utawi mbeberaken kabar dhateng tiyang sanes. 7 Tembung Keadaan Rasa Ati Tembung keadaan rasa ati menika tembung ingkang mratelakaken rasa ati ingkang dipunraosaken kaliyan setunggaling tiyang. Tuladhanipun tembung ingkang mratelakaken rasa ati inggih menika kadosta tembung tresna, sepi, tentrem. Tuladha tembung keadaan rasa ati saged kaandharaken ing ngandhap menika. Kertas kang kajereng iku banjur dilempit maneh. Pardi anteng nyawang sepine kahanan. Kawhie, 2013: 20 Tembung “anteng” saha “sepine” wonten ing paragraf ing nginggil menika ngambaraken raosing ati ingkang dipunraosaken kaliyan tokoh Pardi, saengga tembung “anteng” saha “sepine” menika kalebet tembung keadaan rasa ati.