Pangertosan Kohesi Leksikal Kolokasi

26 kaliyan makna aslinipun menawi kasusun wonten ing setunggaling ukara, saha wujudipun saged tembung, frasa, klausa, utawi ukara.

c. Sanding Kata Register

Sanding kata register menika boten limrah wonten ing basa padintenan ananging wonten ing jaringan utawi profesi tartamtu basa menika limrah. Wonten ing basa pendhidhikan sanding kata utawi kolokasi kadosta metode belajar- mengajar, tes tengah semester, saha semester ganjil-genap. Tuladha: Arini, sauwise rampung anggone kuliah lan wis kasil nyandhang gelar Sarjana Pendidikan, banjur nglebokake lamaran ana sawijining sekolahan swasta. Ndilalah begjane Arini, sekolahan mau ya pinuju mbutuhake tenaga guru sing ngepasi karo bidhange. Dadi ora nganti ngenteni suwe lamaran mau uga banjur ditampa. Jumilah, 2013: 20 Saking tuladha paragraf ing nginggil menika saged dipuntingali bilih ukara menika ngemot register babagan pendhidhikan ingkang katingal saking tembung- tembung inggih menika “kuliah”, “gelar Sarjana Pendidikan”, “sekolahan”, “sekolah swasta”, “tenaga guru”, saha “bidhange”. Titikanipun tembung-tembung ingkang kalebet sanding kata register inggih menika, 1 register menika namung mengacu wonten ing pemakaian kosa kata ingkang wonten gayutanipun kaliyan kelompok profesi utawi lingkungan ingkang beda-beda; 2 register jumbuh kaliyan situasi komunikasi ingkang kadadean kanthi berulang saha teratur wonten ing setunggaling masyarakat ingkang berkenaan kaliyan partisipan, papan, saha fungsi-fungsi komunikatif; 3 register dipunginakaken kaliyan setunggaling kelompok utawi masyarakat tartamtu ingkang jumbuh kaliyan profesi utawi keahlian ingkang sami. 27

d. Sanding Kata Khusus

Sanding kata kanthi makna khusus menika kaperang dados idiom saha ungkapan. Idiom saha ungkapan menika tetembungan ingkang tetep tegesipun saha kekalihipun boten saged dipungantos urutan tembungipun. Tembung- tembung menika boten saged dipuntambahi, dipungantos, dipunicalaken, utawi dipunowahi struktur gramatikal-ipun inggih menika kekalihipun boten sami. Idiom menika tembung-tembunngipun boten saged dipunmaknani kanthi cara negesi saben-saben tembung kanthi individual ananging kedah kanthi makna keseluruhan. Miturut Sutana 1977 idiom menika gabungan tembung ingkang tegesipun boten saged dipunmangertosi saking tegesipun saben-saben tembung ingkang ndadosaken gabungan tembung menika. Idiom menika saged awujud frasa, klausa, saha kalimat. Wonten ing basa Jawi saged dipunmaknani sedaya wujud basa ingkang ngemot teges kiasan utawi tembung entar. Tembung entar menika kaperang dados paribasan, bebasan, saloka. Tuladhaipun: Saben-saben butuh kanca, Satrio sok siap ngancani. Pancene Satrio ya mambu ati marang Wika dadine arep Wika ngana-ngene diturat-turuti wae. Jumilah, 2013: 20 Tuladha ing nginggil menika ngemot kolokasi utawi sanding kata khusus inggih menika kalebet idiom “mambu ati” ingkang tegesipun gadhah raos kaliyan tiyang sanes lawan jenis. Tembung “mambu ati” menika kalebet idiom amargi tembung menika boten saged dipunmangertosi kanthi cara negesi saben tembung- tembungipun. Ungkapan menika tegesipun tembung saged dipunmangertosi kanthi cara negesi saben-saben tembungipun. Ungkapan kalebet perangan ingkang wigati