Panaliten ingkang Jumbuh KOHESI LEKSIKAL KOLOKASI WONTEN ING RUBRIK CERITA CEKAK KALAWARTI DJAKA LODANG EDISI 03-22 TAUN XLIII (15 JUNI 2013 - 26 OKTOBER 2013).

44 BAB III CARA PANALITEN

A. Jinising Panaliten

Panaliten menika ngginakaken metode deskriptif. Miturut Narbuko kaliyan Achmadi 2004: 44 ancasing panaliten deskriptif inggih menika ngandharaken sawijining perkawis kanthi sistematis kaliyan faktual. Sudaryanto 1998: 62 ngandharaken bilih panaliten deskriptif dipuntindaakekn kangge nggabaraken saha mahyakaken asiling panaliten kanthi menapa wontenipun utawi kanthi objektif. Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken jinising kohesi leksikal kolokasi kaliyan fungsi kohesi leksikal kolokasi ingkang awujud satuan lingual tembung, frasa, saha klausa ing saben paragraf salebeting cariyos cekak wonten ing Kalawarti Djaka Lodang Edisi 03 – 22 Taun XLIII 15 Juni 2013 – 26 Oktober 2013. Panaliten ngginakaken metode deskriptif menika dipunwiwiti kanthi nyamektakaken dhata, inggih menika cerita cekak Kalawarti Djaka Lodang Edisi 03 – 22 Taun XLIII 15 Juni 2013 – 26 Oktober 2013. Objek panaliten ingkang awujud cerita cekak Kalawarti Djaka Lodang Edisi 03 – 22 Taun XLIII 15 Juni 2013 – 26 Oktober 2013 ing panaliten menika dipunwaos kangge manggihaken dhata-dhata ingkang awujud kohesi leksikal kolokasi. Sasampunipun ngempalaken dhata kanthi teknik maos saha nyathet lajeng dhata menika dipunperang miturut jinising kohesi leksikal kolokasi saha fungsinipun kohesi leksikal kolokasi laras kaliyan teori ingkang dipunginakaken. Ingkang pungkasan inggih menika damel dudutan. 45

B. Data lan Sumbering Data

Data ingkang dipunpanggihaken ing cariyos cekak Kalawarti Djaka Lodang Edisi 03 – 22 Taun XLIII 15 Juni 2013 – 26 Oktober 2013 menika jinis saha fungsi kohesi leksikal kolokasi. Dhata ingkang sampun dipunpanggihaken lajeng dipunpantha-pantha miturut jinising kohesi leksikal kolokasi saha fungsi kohesi leksikal kolokasi. Panganggening perangan basa cariyos cekak Kalawarti Djaka Lodang Edisi 03 – 22 Taun XLIII 15 Juni 2013 – 26 Oktober 2013 menika kathah dipunpangaribawa dening pangganggening kohesi. Kohesi menika perangan ingkang ndamel larasing wacana. Sumber dhata panaliten menika cariyos cekak Kalawarti Djaka Lodang Edisi 03 – 22 Taun XLIII 15 Juni 2013 – 26 Oktober 2013. Wonten ing rubrik cerita cekak Kalawarti Djaka Lodang Edisi 03 – 22 Taun XLIII 15 Juni 2013 – 26 Oktober 2013 menika dipunpanggihaken jinis-jinisipun kohesi leksikal, ananging wonten ing panaliten menika panaliti nyawijikaken wonten ing babagan kohesi leksikal kolokasi. Senajan wujudipun cariyos cekak ananging boten medal saking unsur wacananipun. Kalawarti Djaka Lodang menika kalebet kalawarti basa Jawi ingkang kabeber saben seminggu sepisan.

C. Caranipun Ngempalaken Data

Anggenipun ngempalaken dhata kanthi maos saha nyathet. Ingkang sepisan, panaliti maos cariyos cekak kalawarti Djaka Lodang Edisi 03 – 22 Taun XLIII 15 Juni 2013 – 26 Oktober 2013 kangge manggihaken jinising kohesi leksikal kolokasi saha wujudipun kohesi leksikal kolokasi ingkang wujudipun morfem, tembung, frasa, klausa utawi perangan ingkang langkung wiyar. Kaping kalih