Data lan Sumbering Data Caranipun Ngempalaken Data

48

E. Caranipun Nganalisis Data

Analisis dhata ingkang dipunginakaken ing panaliten menika ngginakaken teknik deskriptif. Miturut Arikunto ing Prastowo, 2011 : 203 panaliten deskriptif menika dipunginakaken kangge ngandharaken variabel saha perangan ingkang dipuntliti jumbuh kaliyan kawontenanipun. Ingkang sepisan panaliti menika nyamektakaken dhata awujud cariyos cekak wonten ing Kalawarti Djaka Lodang Edisi 03-22 Taun XLIII 15 Juni 2013 – 26 Oktober 2013. Sasampunupun nyamektakaken dhata lajeng maos kanthi tliti antawisipun ukara setunggal kaliyan ukara sanesipun kangge manggihaken dhata awujud jinis saha fungsi kohesi leksikal kolokasi. Bibar maos dipunlajengaken nyathet dhata kohesi leksikal kolokasi wonten ing kertu dhata. Cara nganalisis dhata menika ingkang sepisan inggih menika dhata dipunpantha-pantha miturut jinising kohesi leksikal kolokasi lajeng dipunpadosi fungsinipun kohesi leksikal kolokasi. Sasampunipun dhata dipunpilah-pilah lajeng nganalisis dhata miturut pamanggihipun panaliti adhedhasar teori landhesanipun. Ingkang pungkasan inggih menika ndamel dudutan asiling panaliten adhedhasar panaliten ngengingi jinis saha wujudipun kohesi leksikal. No. Deskripsi Jenis Kohesi Leksikal Kolokasi Fungsi Kohesi Leksikal Kolokasi Keterangan 1 2 3 4 5 1. Kertas kang kajereng iku banjur dilempit maneh. Pardi anteng nyawang sepine kahanan. √ Anteng saha sepine menika katrangan ingkang nerangaken kahanan rasa ati. Anteng saha sepine menika minangka tembung ingkang berkolokasi tembung menika wonten ing 49 No. Deskripsi Jenis Kohesi Leksikal Kolokasi Fungsi Kohesi Leksikal Kolokasi Keterangan 1 2 3 4 5 setunggaling jaringan inggih menika nggambarake kahanan. Gambar 2: Format Tabel Analisis Data Keterangan : Jinis kohesi leksikal kolokasi: 1. sanding kata umum, 2. sanding kata unik, 3. sanding kata register, 4. sanding kata khusus, 5. sanding kata budaya. Fungsi kohesi leksikal kolokasi: 1. tembung katrangan ingkang nerangaken tembung kriya, 2. tembung katrangan ingkang nerangaken kata sifat, 3. tembung katrangan ingkang nerangaken nomina ingkang minangka wasesa utawi predikatif, 4. tembung katrangan ingkang neranaken katrangan wonten ing ukara, 5. tembung katrangan ingkang nerangaken tembung wilangan.