27
d. Sanding Kata Khusus
Sanding kata kanthi makna khusus menika kaperang dados idiom saha ungkapan. Idiom saha ungkapan menika tetembungan ingkang tetep
tegesipun saha kekalihipun boten saged dipungantos
urutan tembungipun. Tembung- tembung menika boten saged dipuntambahi, dipungantos, dipunicalaken, utawi
dipunowahi struktur gramatikal-ipun inggih menika kekalihipun boten sami. Idiom menika tembung-tembunngipun boten saged dipunmaknani kanthi
cara negesi saben-saben tembung kanthi individual ananging kedah kanthi makna
keseluruhan. Miturut Sutana 1977 idiom menika gabungan tembung ingkang tegesipun boten saged dipunmangertosi saking tegesipun saben-saben tembung
ingkang ndadosaken gabungan tembung menika. Idiom menika saged awujud frasa, klausa, saha kalimat. Wonten ing basa Jawi saged dipunmaknani sedaya
wujud basa ingkang ngemot teges kiasan utawi tembung entar. Tembung entar menika kaperang dados paribasan, bebasan, saloka. Tuladhaipun:
Saben-saben butuh kanca, Satrio sok siap ngancani. Pancene Satrio ya mambu ati marang Wika dadine arep Wika ngana-ngene diturat-turuti wae.
Jumilah, 2013: 20
Tuladha ing nginggil menika ngemot kolokasi utawi sanding kata khusus inggih menika kalebet idiom
“mambu ati” ingkang tegesipun gadhah raos kaliyan tiyang sanes lawan jenis. Tembung
“mambu ati” menika kalebet idiom amargi tembung menika boten saged dipunmangertosi kanthi cara negesi
saben tembung- tembungipun.
Ungkapan menika tegesipun tembung saged dipunmangertosi kanthi cara negesi
saben-saben tembungipun. Ungkapan kalebet perangan ingkang wigati
28
wonten ing seni micara, amargi ungkapan menika saged ndadosaken kaendahan setunggaling wujud basa. Ungkapan sipatipun terbuka. Ungkapan menika
kaperang dados tembung, frasa, saha ukara. Tuladhanipun ungkapan inggih menika:
a Sing baku wis diwangsuli, wong jamake sing wadon yen takon utawa
akon ora diwangsuli njur sok metu muntabe, ora luput bias-bisa kriwikan dadi grojogan. Sulistyawati, 2013: 20
b Nanging panguripan saka nulis lan nggilut sastra budaya Jawa, angel
lan durung bisa didadekake cagak panguripan ing wektu iki, kurang banget kawigaten saka pemerintah lan masyarakat. Mula kaya
bebasan “cebol nggayuh lintang” kae. Mung saka gedhening panyurunge Ranti, aku dadi luwih teguh ngrungkepi katresnan iki.
Mulyadi. 2013: 20
Tuladha a ing nginggil menika ngemot kolokasi khusus ingkang kalebet wonten ing ungkapan inggih menika
“kriwikan dadi grojogan” tegesipun perkawis ingkang alit dados ageng. Tuladha b menika menika ngemot kolokasi
khusus ingkang kalebet ungkapan inggih menika “cebol nggayuh lintang” menika
kalebet setunggaling paribasan ingkang tegesipun gadhah kekarepan ingkang inggil ananging boten saged kalampahan.
Saking andharan ing nginggil menika saged dipunpilah titikanipun tembung-tembung ingkang kalebet sanding kata khusus inggih menika, ingkang
kapisan tembung-tembung ingkang dipunginakaken menika kalebet idiom inggih menika 1 kalebet satuan basa saged awujud tembung, frasa, utawi ukara; 2
gadhah teges utawi makna ingkang mligi utawi khas; 3 unsur-unsuripun boten saged dipungantos utawi dipunicalaken; saha 4 menyimpang saking makna
leksikal utawi gramatikal.