SINOM Penentuan Naskah Dasar Penentuan naskah Serat Partadewa yang menjadi teks dasar dalam

lix 42. Kawuwusa kang mêthuk wus prapti Basusena katong satriya ro kang mangka kondhange duk samana wus tundhuk anuli sêkare ginanti pangrawit pinatut

VII. SINOM

1. Watara 1 kurang tri jangkah 2 Sri Karna mèsêm marpêki 2 sarêng ngayut asta Dahyang 3 Durna ngacarani iku gèr wakirèki ing Ngawangga sang aprabu kaprênah paripeyan lawan Sri Duryudana Ji loro iku prênah arining yangira 2. Garwane Sri Dêstrarastra bok ayu Rêtna Gêndari atmaja Gêndarapatya 4 Gajagsa ingkang wêwangi arine akêkasih Sarabasata waruju karo arine Soman wusing mangkana nulya glis sang aprabu Gumiwang kêrit Sri Karna 3. Agêng 5 pakurmatanira sumiwine sribupati ing alun-alun lir bêntar gunging kawula ningali arantaban jalwèstri 6 atub atêpung matimbun 6 tan lyan Narpati Karna kang dadya ucaping janmi buh tikêling wiraganing Suryatmaja 1 B. wêtara dsl.. 22 D. Karna mèsêm marêpêki. 3 B=C. Dhanghyang. 4 D. Gandaraputra. 5 B=D. agung. 66 B. atut atêpung matimbun. C. atêpung tumpa matimbul. lx 4. Kawit 7 ing kori pamedan sang nata dènnya lumaris ginarbêg 8 para bupatya Sri Karna mangka pangirid lumampah munggwing ngarsi sinongsongan ing mas murub kampuh wangun karajan bathik modhang pinrada sri anggêdhedher lir paksi mrak anêmbrama 5. Atêtepong ting galêbyar ujwala angilat thathit praba lir [42] laring 9 kagêndra 10 barang sinandhang rêspati bêranyak tan wêwigih ing wurinira Sang Prabu Gumiwang Suryanggana 11 yayah kinêmbar tan warni kaot Suryanggana ulate 12 jêtmika 6. Gumbala lus kêkêtugan arja jamang tinundha tri rema ukêl supit urang kinancing garudha cilik sêsumping ngurang gadhing 13 mas linuting sotya 14 mancur kalung naga karangrang binggêl kêlat baunya sri sagung kang rinasuk karajaning sabrang 7. Song-song pinarada jênar pinucakan ing rêtna di tinrètès sotya bang pita yèn tinon angrêspatèni kasoroting Hyang Rawi ting paluncar angênguwung kang ngapit kering kanan arining Arya Sangkuni kalih pisan kang sinandhang kasatriyan 7 D. awit. 8 D. ginrêbêg. 9 D. ninging. 10 C. narendra. D. gagendra. 11 C. srinarendra. 12 D. ulatnya. 13 B. aring. 14 B=C. rêtna. lxi 8. Gagah adêdêg 15 pidêksa sinongsongan kêrtas 16 putih winangun kadya pêpatah Dhahyang 17 Druna munggèng wuri ngagêm cara maharsi jêjungkas panjalin wulung minggah mring sitibêntar bupati sabrang anangkil ing paglaran jajar Bupati Ngastina 9. Wus laju srimaharaja 18 Kurawa amêthuk sami ning wiwara srimangantya 19 supênuh pawongan cèthi 20 kang samya nêningali plataran swara gumrumung prapta ngabyantarendra dhêdhampar wus piniranti tarab jajar \pa\lênggahan 21 pra kamituwa 10. Ya ta Sri Suryaanggana gupuh dènira ngabêkti sumungkêm pada narendra yayah konjêm ing pratiwi sawusnya angabêkti Sri Duryudana lon muwus pakênira lungguha ing dhêdhampar wus sumaji 22 anjajaran lan sagung pra kamituwa [43] 11. Sri Sabrang dhahat lênggana saha matur ngasih-asih pukulun jêng srinarendra sabda paduka kapundhi gênging sih sribupati kawula sèwu anuwun nanging raosing manah botên sumêdya atampi têbih saking pukulun ingkang punika 15 B. awêwêg 16 C. krêtas. 17 B=C. Dhanghyang. 18 B=D. naranata. 19 D. srimangantyan. 20 C. èstri. 21 C. lênggahan 22 B=C. sun saji. bait 10 t.p. D. lxii 12. Sapintên nugrahaning Hyang ingkang martamaning 23 dasih de kawula wis linilan angancik ing Nuswa Jawi mring nagri paduka ji tuwin sumiwèng pukulun punika kamayangan saking punapa pun dasih yèn puruna jajar lênggah lan paduka 13. Kang kawulaèthi ing manah wasiyate 24 bapa kaki apanjang lamun katura ya ta Sri Duryudana ji karênan jroning galih myarsa ture sang aprabu dadya jinajar lênggah kalawan sang narpasiwi soring dhampar ing ngarsa kapering kiwa 14. Ngandika Sri Duryudana 25 bagya ki 25 prabu kang prapti anèng 26 praja ing Ngastina kongsi patêmon lan mami [lêlakon] 27 pirang ari dene lêt kang samodra gung gunung jurange gawat alas gung buron ngèbêki liwat saking anak prabu anrang baya 15. Umatur Sri Suryanggana dhuh pukulun sribupati kapundhi sabda paduka minangka jimat paripih ngalingga lênging ati 28 nrusing balung mangka 28 sungsum anjawi kang punika kawuningana sang aji milanipun 29 sumiwi jêng padukendra 23 B=C. matamaning. D. tumama. 24 B. wasiyating dsl.. 2525 C. bageya. 26 C. angnèng. 27 b.d. C. A,B,D. linalon. 2828 D. mangka balung nrusing. 29 B. marmanipun. C. milanira. lxiii 16. Wau sinuhun Ngastina 30 têbih antaraning nagri ing Gumiwang lan Ngastina kalêbêt samodra tuwin wana 31 prabata 32 sungil 33 nanging raose 34 tyas u-[44]lun tinikêla ping sapta ing tyas kawula tan ajrih 35 [saugi sagêda] 35 sumiwèng paduka 17. Mangke pangèstu paduka kawula sagêd sumiwi dhahat ning rêncananing tyas lan [kalilana] 36 pun patik angrubiru ing Gusti angaturkên kang praja gung saisining Gumiwang darmi kawula angampil sokur 37 lamun wontêna karsa paduka 37 18. Ananêmi mêngku praja kawula nrimah mêkathik sumêdya amunakawan lan wontên tawan 38 narpati Jongmirah ingkang nagri Saktisura Sang Aprabu lan nata Gyantipura panêngran Sri Surasekti katigane prajane narpati yaksa 19. Winastan Nagri Saryana nama Prabu Kalamurti sadaya katur paduka Sri Duryudana nauri hèh kulup Sribupati abangêt panrimaningsun sakèh sihing prasêtya kabèh 39 katêmu ing wuri prayogane anglêrêmakên sarira 20. Nata Duryudana ya ta Karna Sribupati ganti para kamituwa sun pambage ganti-ganti Lêksmana amungkasi tur pambagya wantu-wantu umatur Rêsi Bisma mring Sang Prabu Kurupati yèn kaparêng anggèr ing karsa paduka 30 B. ngandika. 31 C. wontên. 32 C. parbata. 33 C. cungil 34 B. raosing dsl.. 3535 b.d. B. A,C,D. saugia sagêd. 36 b.d. D A.B.C. kalina. lxiv 3737 D. wontêning karsa padukendra. 38 C. tiga. 39 D. iku. 21. Putu 40 prabu ing Gumiwang kasowana nata rêsi ngabêktia lan supaya winantua ing pamêling ya ta Duryudana ji tyas karênan ngandika rum mring Arya Plasajênar hèh paman pakênirèki angruktia 41 srimanganti bangsal 41 wetan 22. Minangkaa pamondhokan aja nganti nguciwani si patih karone padha gawanên mring Plasakuning 42 sakèh para 42 bupati manggona wismaning wadu ngiras murih kulina prajuri-[45]te anak aji alun-alun ing lor kidul amanggona 23. Wusing trang kang pangandika kondur jêng srinarapati 43 anganthi Suryanggana gawok kang samya ningali katon sihe sang aji sungkême narendra tamu dhasar bagus kang warna jêtmika angraras ati ting garêdêg 44 parèstri 45 kang samya umyat 24. Lêksmana cakêt lumampah mèsêm 46 myat anganan 46 ngering pawongan kang samya miyat 47 tan taha wacana bêngis tobil bakna priyayi lêlewane ora nyebut ya ta srinaranata sapraptane mandragini ingkang garwa sinasmitan lumaksana 25. Kusuma Suryadewatya lan Sang Dyah Lêksmanawati garbêg Sri Dayintaraja Mandrakumara ing wuri bunguk dènnya lumaris tansah dhèhèm guyu tanggung karyèwuh kang lumampah dènlewaning narpasiwi gang sarisik ukêl asta tanjak glewang 40 D. putra. 4141 B. bangsal srimanganti. 42 B. sarupaning. 43 D. sribupati. 44 B. gadhêg dsl.. lxv 45 D. pawèstri. 4646 D. umyat nganan. 47 D. umyat. 26. Ting jrêlèh wong upacara Lêksmanawati anolèh wruh kang ratu kaya gila gumuyu têtawan putri rêngu lon amarani kang raka asring 48 tinapuk susur kongsi malêsat rahadyan gupuh nututi wus tinêba linancangan ing pawongan 27. Ya ta kunêng kawuwusa Dhêstharata nata rêsi pinarak ing pacrabakan lan garwa Rêtna Gêndari pawongan tur udani gusti punika sang prabu lumarak jêng paduka lan gusti kusumèng puri narpa rêsi sigra manga- [46] tag ing 49 garwa 28. Kèn mêthuk ing srinarendra wus tundhuk sigra lumaris 50 prapta wus 50 tata alênggah kang pawongan samya nêbih umatur sribupati ing karya narendra tamu purwa madya wasana sukèng tyas sang narpa rêsi dyan ngabêkti Sang Prabu Suryaanggana 29. Mring 51 Sang Dwija Dhêstharata miwah eyang Dyah Gêndari Lêksmana prapta manêmbah ngabêkti mring sang maharsi ngandika Dyah Gêndari kathik ngabêkti wong bagus nora mulut [tan] 52 sawal umatur sang narpasiwi êlo sampun kantun lan mantu paduka 30. Kusuma sêsangkaning dyah ngabêkti mring sang maharsi ngandika Sri Dhestarata ki prabu sapa kang bekti Lêksmana anyelaki nyêla matur mring sang wiku punika wayah tuwan pun Rêtna Suryadewati sumiwi ing paduka brangta mring kula 48 D. asru 49 D. kang. 5050 D. wus prapta. lxvi 51 B. sri dsl.. 52 b.d. B,C. A,D. ora. 31. Marma nyanggung ura-ura dhuh gusti sang narpasiwi tulus asih ing mlas arsa kawula 53 sumêdya nyèthi 53 wong bagus mingit-mingit durung kongsi praptèng pupuh Banowati anyandhak karnane sang narpasiwi ginèrèt mring purane ing kadipatyan 32. Nêngna kang nyingitkên putra wuwusên Duryudana ji umatur mring Dhêstharata pukulun jêng rama rêksi 54 kawula tur udani pisowane anak prabu Gumiwang Suryanggana bêdhol sawadyane kêrig bêbukane angaturakên prasêtya 33. Nyaoskên Praja Gumiwang saisi-[47]ne dènatapis raja brana wadyabala tiga tawaning narpati Jongmirah ingkang nagri onjo tinimbang pra ratu panêngran Sêkti Sora Gyantipura Surasêkti prajaning wil nama nagri ing Saryana 34. Jêjuluking narpa yêksa wasta Prabu Kalamurti katura Sri Mahbathara kang sarêng lan anak aji arinipun pawèstri kang wontên ngarsa pukulun nyênyêthi kaatura lan yèn sarêng rama rêsi kalilana amêkathik ing paduka 35. Wayah paduka pun rara 55 kang mangka ros lênging ati ubayane wayah tuwan lulu awor lawan siti yèn tan pinujwèng 56 kapti taha lamun kamipurun nglawan Praja Ngastina mung sumêdya nganyut pati angandika 57 Nata Rêsi Dhêstharata 5353 D. sêdya anyethi. 54 B=C. rêsi. 55 B. lara dsl.. lxvii 56 B. pudyèng. 5757 B=C. mèsêm nabda. 36. Hèh Ki Prabu ing Gumiwang awya dadi tyasirèki rèhningsun durung têtanya paran ta padha basuki nahan Suryanggana ji nêmbah-nêmbah lon umatur pukulun srinarendra ing sabda dhahat kapundhi de sagêda sumiwi ing padukendra 37. Tan lyan pangèstu paduka mring kawula anyrambahi 58 sagung wadya ing Gumiwang ngandika sang pandita ji kabèh brana di-adi ingkang minangka pisungsung ki prabu atur praja twin têtawan pra narpati 59 iku bangêt panarimèngsun mring sira 38. Nanging mungguh abojana ki prabu tan dadi daging pambanane 60 ramanira Ki Prabu Duryudana [48] Ji iku bae ki aji kalakona dèn satuhu ingsun jumurung pujwa 61 mangayu marang sirèki Suryanggana muka lir konjêm pratala 39. Umatur sarwi pratignya pukulun sang maha yêkti yèn kawula tan sagêda nyirnakkên rêtuning galih tan sae 62 myat sujanmi 62 suka 63 jur awor 63 lan lêbu benjing-benjing kawula mangkat mring Cintakapuri katamana ing pangèstu jêng paduka 40. Yèn kaparênga ing karsa kawula anyuwun kanthi jêng eyang ing Kapatihan minangka jimating jurit mênggah palwèng jaladri mangka kêmudhining laku nimbang awrating aprang mbotên kawula bên jurit mung nyalini sêkar dhêndha tejamaya 58 B=C. narambahi. 59 D. aji. 60 C. ambanane. 61 B. pudya. C. puja. lxviii 6262 D. umyat janmi. 6363 D. ajur wor.

VIII. DURMA