66
pungkasan data 20 menika dipunuji kanthi teknik substitusi kados ing ngandhap menika.
20 f Gusti Allah tansah setya ing gesang kita. Kita saged pitados bilih
panjenenganipun, piyambakipun mboten nate mblenjani janji.
Asiling anggenipun nguji kanthi teknik substitusi ing nginggil menika
nedahaken bilih tembung sesulih pratama purusa panjenenganipun saged dipungantos kaliyan tembung piyambakipun, amargi tembung panjenenganipun
saha piyambakipun gadhah jinis kelas ingkang sami.
F. Cara Ngesahaken Data
Cara ingkang dipunginakaken kangge ngesahahken data wonten panaliten menika kanthi uji validitas saha uji reliabilitas. Uji Validitas ingkang
dipunginakaken inggih menika triangulasi teori. Validitas triangulasi teori inggih menika jumbuhaken data asiling panaliten kaliyan teori.
Aplikasi triangulasi teori menika caranipun ngesahaken data kanthi
ngginakaken perangan tartamtu minangka tetandhingan kaliyan data. Wonten ing panaliten menika ngginakaken triangulasi teori inggih menika gegaran teori
minangka pembanding. Tuladhanipun saged dipuntingali wonten ing ngandhap menika.
Sang ratu dipun anggep boten sampurna jalaran jempolipun samparan ical satungal. Sang ratu lajeng tumunten kengetan dhateng tetembungan
ingkang kapratelakaken dening abdinipun ingkang setya. Data 15 KJ 13 Januari 2013.
67
Pethikan teks ing nginggil menika nedahaken panandha kohesi leksikal repetisi anafora.
Bab menika miturut teori, frasa Sang ratu dipunambali saben ing wiwitanipun ukara sepisan saha ukara salajengipun. Frasa Sang ratu menika
minangka perangan ingkang dipunanggep wigatos utawi ingkang dipuncethakaken wonten salebeting konteks tuturan.
Reliabilitas ingkang dipunginakaken wonten panaliten menika kanthi
reliabilitas intrarater saha realibilitas interrater. Anggenipun nindakaken teknik
reliabilitas intrarater inggih menika kanthi cara maos kanthi premati saha
dipunambali ngantos ngasilaken data ingkang ajeg. Salajengipun babagan teknik reliabilitas interrater
dipuntindakaken mawi konsultasi asiling panaliten menika dhateng ahli ingkang mumpuni ngengingi panaliten menika, kadosta dosen
pembimbing. Kanthi nindakaken diskusi saha konsultasi menika kaajab panaliten menika saged leres saha absah.