Jinising Panaliten Data lan Sumber Data

63 Jinis Kohesi gramatikal referensi persona Fungsi Kangge nedahaken tiyang ingkang merefer wonten salebeting teks, inggih menika Gusti Allah . Katrangan no : nomer data KJ : Khotbah Jangkep edisi : edisi utawi wedalan wonten ing Khotbah Jangkep data : data awujud wacana ingkang ngewrat panandha kohesi jinis : jinisipun panandha kohesi fungsi : fungsinipun panandha kohesi.

E. Caranipun Nganalisis Data

Cara anggenipun nganalisis data wonten ing panaliten menika kanthi teknik distribusional saha teknik agih. Teknik distribusional inggih menika teknik anggenipun nganalisis basa adhedhasar tingkah laku utawi ciri satuan-satuan lingual tartamtu saha nliti gayutipun kaliyan satuan lingual sanesipun Edi Subroto, 1992: 84. Tahap salajengipun inggih menika data dipunanalisis kanthi teknik agih. Miturut Sudaryanto 1993: 31 panganggening teknik agih menika saged kaperang dados kalih inggih menika teknik dhasar saha teknik lanjutan. Teknik dhasar ingkang dipunginakaken inggih menika kanthi teknik bagi unsur langsung BUL. Dipunsebat teknik bagi unsur langsung BUL amargi wiwitaning cara ingkang dipunginakaken inggih menika kanthi milah-milah 64 satuan lingual datanipun dados mapinten-pinten perangan utawi unsur, saha unsur-unsur ingkang ingkang gayut kaanggep minangka perangan ingkang mbentuk satuan lingual ingkang dipunmaksud. Teknik lanjutan ingkang dipunginakaken inggih menika teknik substitusi saha teknik lesap delesi. Cara utawi langkah-langkah anggenipun nganalisis data wonten panaliten saged dipuntingali wonten ing ngandhap menika. 1. Data ingkang dipunpanggihaken salajengipun dipunkelompokaken utawi dipunpantha-pantha jumbuh kaliyan wosing perkawis inggih menika jinis saha fungsi panandha kohesi gramatikal saha leksikal wonten salebeting “Khotbah Jangkep” ing Gereja Kristen Jawa GKJ wedalan 1 Januari – 31 Maret 2013. 2. Data ingkang sampun samekta salajengipun dipunanalisis saha dipunandharaken adhedhasar teknik saha teori ingkang dados landhesanipun. 3. Data ingkang sampun dipunanalisis lajeng dipunpendhet dudutanipun bab jinis saha fungsi panandha kohesi gramatikal saha leksikal. Tuladha anggenipun nganalisis data kados wonten ing ngandhap menika. Gusti Allah tansah setya ing gesang kita. Kita saged pitados bilih Panjenenganipun boten nate mblenjani janji. Data 20 KJ 1 Januari 2013 Wonten data 20 ing nginggil menika nedahaken satunggaling jinis panandha kohesi gramatikal referensi. Tembung panjenenganipun miturut jinisipun referensi kalebet referensi persona. Bab menika jalaran tembung panjenenganipun nedahaken satunggaling tiyang, tiyang ingkang dipunmaksud