Bumi saisinipun Asiling Panaliten

Saking tabel ing nginggil menika, saged dipuntingali bilih “Khotbah Jangkep ” ing Gereja Kristen Jawa GKJ wedalan wulan 1 Januari – 31 Maret 2013 menika dipunpanggihaken jinisipun panandha kohesi gramatikal saha leksikal . Panandha kohesi gramatikal ingkang kapanggihaken inggih menika referensi , substitusi, elipsis saha konjungsi. Wondene panandha kohesi leksikal ingkang kapanggihaken wonten ing “Khotbah Jangkep”, inggih menika repetisi, sinonimi , antonimi, kolokasi, hiponimi, saha ekuivalensi. Panandha kohesi gramatikal saha leksikal wonten salebeting ”Khotbah Jangkep” ing Gereja Kristen Jawa GKJ menika ugi kapanggihaken fungsinipun.

A. Pirembaganipun

Wonten ing bab menika badhe dipunandharaken pirembagan saking asiling panaliten ingkang sampun kaandharaken ing nginggil menika. Wonten ing pirembagan menika boten namung ngrembag bab jinis panandha kohesi gramatikal saha leksikal, ananging badhe dipunlajengaken kanthi ngrembag ngengingi fungsi saking panandha kohesi gramatikal saha leksikal. Cara menika dipuntindakaken amargi bab fungsi panandha kohesi gramatikal saha leksikal menika gadhah peranan ingkang wigatos ing salebeting ukara utawi wacana. Jinis panandha kohesi gramatikal ingkang kapanggihaken ing “Khotbah Jangkep” inggih menika referensi, substitusi, elipsis saha konjungsi, dene jinis panandha kohesi leksikal ingkang kapanggihaken wonten ing “Khotbah Jangkep”, inggih menika repetisi, sinonimi, antonimi, kolokasi, hiponimi, saha ekuivalensi. Pirembagan badhe dipunandharaken ing ngandhap menika.

1. Jinis saha fungsinipun panandha kohesi gramatikal wonten salebeting

“Khotbah Jangkep” ing Gereja Kristen Jawa GKJ. a. Referensi Saking asiling panaliten ingkang sampun dipuntindakaken, wonten mapinten-pinten jinis saha fungsinipun panandha kohesi gramatikal referensi ingkang saged dipuntingali ing data menika. 1. Referensi Persona Wonten ing ngandhap menika tuladha pethikan teks ingkang nedahaken referensi persona ingkang ka panggihaken wonten salebeting “Khotbah Jangkep” ing Gereja Kristen Jawa GKJ. ”Apa, lara ati…ben…ben ngerti…lan pancen aku wonge kaya ngene…nang ngomong ceplas-ceplos…nak ora trima ya mangga…” wangsulanipun bu A, data 55 KJ 10 Maret. Wonten data 55 ing nginggil menika nedahaken panandha kohesi gramatikal referensi . Miturut jinisipun referensi, tembung menika kalebet referensi persona . Bab menika jalaran tembung aku nedahaken satunggaling tiyang, tiyang ingkang dipunmaksud penutur menika ngrujuk wonten salebeting teks . Tembung aku menika minangka sesulih utama purusa tunggal pronomina persona I wonten ing pawicantenan. Tiyang ingkang dipuntegesaken inggih menika ibu A. Tembung aku wonten ing pethikan nginggil menika, nedahaken tiyang ingkang dipunmaksud penutur, inggih menika bu A. Pramila wontenipun referensi persona saking tembung aku ginanipun kangge nedahaken tiyang ingkang taksih wonten gayutipun saha dipunsebataken wonten salebeting tuturan saengga nuwuhaken makna ingkang wetah. Data menika salajengipun dipunanalisis kados ing ngandhap menika. 55 a Apa, lara ati…ben…ben ngerti 55 b lan pancen aku wonge kaya ngene 55 c nang ngomong ceplas-ceplos 55 d nak ora trima ya manga 55 e wangsulanipun bu A Data ing nginggil salajengipun dipunanalisis kanthi teknik lesap kados ing ngandhap menika. 55 f ”Apa, lara ati…ben…ben ngerti…lan pancen Ø wonge kaya ngene…nang ngomong ceplas-ceplos…nak ora trima ya mangga…” wangsulanipun bu A. Kanthi teknik lesap ing nginggil nedahaken bilih tembung sesulih utama purusa aku menika kedah wonten, amargi menawi tembung aku dipunlesapaken, tuturan menika mboten nuwuhaken makna ingkang wetah utawi tuturan menika tidak berterima . Salajengipun data 55 dipunuji kanthi teknik substitusi kados ing ngandhap menika. 55 g ”Apa, lara ati…ben…ben ngerti…lan pancen {aku, awakku} wonge kaya ngene…nang ngomong ceplas-ceplos…nak ora trima ya mangga…” wangsulanipun bu A. Kanthi teknik substitusi ing nginggil nedahaken bilih tembung sesulih utama purusa aku menawi dipungantos kaliyan tembung awakku mboten ngewahi makna tuturan utawi tuturanipun berterima, bab menika jalaran tembung kekalihipun gadhah jinis kelas ingkang sami. Data sanesipun ingkang ngandharaken referensi persona inggih menika tembung kowe. Andharanipun saged dipunwaos ing ngandhap menika. Pangrantos punika dipun tindakaken sacara aktif ing salebeting tindak nyata rikala ibu Gusti Yesus paring dhawuh dhateng paladen, “Apa sadhawuhe marang kowe lakonana.”, data 20 KJ 20 Januari. Wonten data 20 ing nginggil menika nedahaken panandha kohesi gramatikal referensi . Miturut jinisipun referensi, tembung menika kalebet referensi persona . Bab menika jalaran tembung kowe nedahaken satunggaling tiyang, tiyang ingkang dipunmaksud penutur menika ngrujuk wonten salebeting teks . Tembung kowe menika minangka sesulih madyama purusa tunggal pronomina persona III wonten ing pawicantenan. Tiyang ingkang dipuntegesaken inggih menika paladen. Tembung kowe wonten ing pethikan nginggil menika, nedahaken tiyang ingkang dipunmaksud penutur, inggih menika paladen. Pramila wontenipun referensi persona saking tembung kowe ginanipun kangge nedahaken tiyang ingkang taksih wonten gayutipun saha dipunsebataken wonten salebeting tuturan saengga nuwuhaken makna ingkang wetah. Data menika salajengipun dipunanalisis kados ing ngandhap menika. 20 a Pangrantos punika dipuntindakaken sacara aktif 20 b ing salebeting tindak nyata 20 c rikala ibu Gusti Yesus 20 d paring dhawuh dhateng paladen 20 e apa sadhawuhe marang kowe lakonana Data ing nginggil salajengipun dipunanalisis kanthi teknik lesap kados ing ngandhap menika. 20 f Pangrantos punika dipuntindakaken sacara aktif ing salebeting tindak nyata rikala ibu Gusti Yesus paring dhawuh dhateng paladen, “Apa sadhawuhe marang Ø padha lakonana.”. Tembung sesulih madyama purusa kowe menika kedah wonten, amargi menawi tembung kowe dipunlesapaken, tuturan menika mboten nuwuhaken makna ingkang wetah utawi tuturan menika tidak berterima. Salajengipun data 20 dipunuji kanthi teknik substitusi kados ing ngandhap menika. 20 g Pangrantos punika dipuntindakaken sacara aktif ing salebeting tindak nyata rikala ibu Gusti Yesus paring dhawuh dhateng paladen, “Apa sadhawuhe marang {kowe, awakmu} padha lakonana.”.. Kanthi teknik substitusi ing nginggil nedahaken bilih tembung sesulih madyama purusa kowe menawi dipungantos kaliyan tembung awakmu mboten ngewahi makna tuturan utawi tuturanipun berterima, bab menika jalaran tembung kekalihipun gadhah jinis kelas ingkang sami. Data sanesipun ingkang ngandharaken referensi persona inggih menika tembung panjenenganipun. Andharanipun saged dipunwaos ing ngandhap menika. Gusti Allah tansah setya ing gesang kita. Kita saged pitados bilih Panjenenganipun boten nate mblenjani janji, data 2 KJ 1 Januari. Wonten data 2 ing nginggil menika nedahaken panandha kohesi gramatikal referensi . Miturut jinisipun referensi, tembung menika kalebet referensi persona . Bab menika jalaran tembung panjenenganipun nedahaken satunggaling tiyang, tiyang ingkang dipunmaksud penutur menika ngrujuk wonten salebeting teks. Tembung panjenenganipun menika minangka sesulih pratama purusa tunggal pronomina persona III wonten ing pawicantenan. Tiyang ingkang dipuntegesaken inggih menika Gusti Allah.