Caranipun Nganalisis Data KOHESI GRAMATIKAL SAHA LEKSIKAL WONTEN WACANA KUMPULAN “KHOTBAH JANGKEP” ING GKJ (GEREJA KRISTEN JAWA).

67 Pethikan teks ing nginggil menika nedahaken panandha kohesi leksikal repetisi anafora. Bab menika miturut teori, frasa Sang ratu dipunambali saben ing wiwitanipun ukara sepisan saha ukara salajengipun. Frasa Sang ratu menika minangka perangan ingkang dipunanggep wigatos utawi ingkang dipuncethakaken wonten salebeting konteks tuturan. Reliabilitas ingkang dipunginakaken wonten panaliten menika kanthi reliabilitas intrarater saha realibilitas interrater. Anggenipun nindakaken teknik reliabilitas intrarater inggih menika kanthi cara maos kanthi premati saha dipunambali ngantos ngasilaken data ingkang ajeg. Salajengipun babagan teknik reliabilitas interrater dipuntindakaken mawi konsultasi asiling panaliten menika dhateng ahli ingkang mumpuni ngengingi panaliten menika, kadosta dosen pembimbing. Kanthi nindakaken diskusi saha konsultasi menika kaajab panaliten menika saged leres saha absah. 68 BAB IV ASILING PANALITEN SAHA PIREMBAGANIPUN

A. Asiling Panaliten

Wonten bab menika badhe dipunandharaken asiling panaliten saha pirembaganipun, ingkang badhe kaandharaken inggih menika babagan jinis saha fungsinipun panandha kohesi gramatikal saha leksikal ingkang wonten salebeting “Khotbah Jangkep” ing Gereja Kristen Jawa GKJ wedalan 1 Januari – 31 Maret 2013. Asiling panaliten menika dipunandharaken kanthi wujud tabel. Ingkang sepisan badhe dipunandharaken menika wiwit saking jinis panandha kohesi gramatikal saha leksikal, salajengipun inggih menika ngandharaken fungsinipun panandha kohesi gramatikal saha leksikal. Ing ngandhap menika wujud tabel saking asiling panaliten ingkang ngrembag babagan jinis saha fungsinipun panandha kohesi gramatikal saha leksikal ingkang wonten salebeting “Khotbah Jangkep” ing Gereja Kristen Jawa GKJ wedalan 1 Januari – 31 Maret 2013. 69 Tabel 1.0 Jinis, Fungsi, saha Indikator Kohesi Gramatikal saha Leksikal Wonten Wacana Kumpulan “Khotbah Jangkep” ing Gereja Kristen Jawa GKJ Wedalan 1 Januari – 31 Maret 2013 No . Data Jinis Kohesi Fungsi Kohesi Indikator Kohesi Gramatikal Kohesi Leksikal 1. ”Apa, lara ati…ben…ben ngerti…lan pancen aku wonge kaya ngene…nang ngomong ceplas- ceplos…nak ora trima ya mangga…” wangsulanipun bu A, data 55 KJ 10 Maret. 1. Referensi a. Referensi Persona Nedahaken tiyang ingkang dipunmaksud wonten salebeting teks.  1. Jinis panandha kohesi  Pethikan teks ing data menika kalebet jinis kohesi gramatikal referensi persona. Bab menika jalaran tembung aku ing data menika minangka sesulih utama purusa tunggal ingkang nedahaken dhateng bu A.  2. Fungsi panandha kohesi  Fungsi panandha kohesi menika kangge nedahaken tiyang ingkang dipunmaksud wonten selebeting teks . Fungsi menika saged dipuntingali bilih tembung aku ngrujuk dhateng satuan lingual wonten salebeting teks, inggih menika bu A.  Data menika saged dipuntingali kanthi teknik lesap kados ing ngandhap menika. Apa, lara ati…ben…ben ngerti…lan 70 pancen Ø wonge kaya ngene…nang ngomong ceplas- ceplos…nak ora trima ya mangg a…” wangsulanipun bu A. Tembung sesulih utama purusa aku menika kedah wonten amargi menawi tembung aku dipunlesapaken, tuturan kasebat mboten nuwuhaken makna ingkang wetah utawi tuturanipun tidak berterima . 2. Pangrantos punika dipun tindakaken sacara aktif ing salebeting tindak nyata rikala ibu Gusti Yesus paring dhawuh dhateng paladen, “Apa sadhawuhe marang kowe lakonana.”, data 2 KJ 20 Januari. Referensi Persona Nedahaken tiyang ingkang dipunmaksud wonten salebeting teks. 1. Jinis panandha kohesi  Pethikan teks ing data menika kalebet jinis kohesi gramatikal referensi persona . Bab menika jalaran tembung kowe ing data minangka sesulih madyama purusa tunggal ingkang nedahaken dhateng paladen. 2. Fungsi panandha kohesi  Fungsi panandha kohesi menika kangge nedahaken tiyang ingkang dipunmaksud wonten selebeting teks . Fungsi menika saged dipuntingali bilih tembung kowe ngrujuk dhateng satuan lingual wonten salebeting teks, inggih