Ekuivalensi Jinis saha fungsinipun panandha kohesi leksikal wonten salebeting

3 Antonimi fungsinipun inggih menika kangge kangge nyethakaken gayutaning makna kosok wangsulipun. 4 Kolokasi fungsinipun inggih menika kangge nuntasaken topik. 5 Hiponimi fungsinipun inggih menika kangge kangge ngraketaken gegayutan antawisipun superordinat kaliyan hiponim salebeting ukara- ukara satunggaling paragrap. 6 Ekuivalensi fungsinipun inggih menika kangge nedahaken sesambetan kesepadanan antawisipun satuan lingual tartamtu kaliyan satuan lingual sanesipun.

B. Implikasi

Panaliten menika ngrembag babagan panandha kohesi gramatikal saha leksikal ingkang wonten salebeting “Khotbah Jangkep” ing Gereja Kristen Jawa GKJ wedalan 1 Januari – 31 Maret 2013. Wonten ing panaliten menika dipunpanggihaken jinis saha fungsinipun panandha kohesi gramatikal saha leksikal ingkang dipunginakaken wonten ing “Khotbah Jangkep”. Adhedhasar asiling panaliten menika, implikasi ingkang saged dipuntrapaken inggih menika kangge para pengajar, ndadosaken rujukan saha gegaran ing pamulangan mliginipun ngengingi kajian wacana ingkang ngrembag bab panandha kohesi gramatikal saha leksikal. Kangge mahasiswa Pendidikan Bahasa Daerah Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Yogyakarta, asiling panaliten menika saged dipundadosaken ngelmu wonten ing bab kajian wacana mliginipun bab kohesi gramatikal saha leksikal. Kangge pamaos asiling panaliten menika saged dipundadosaken referensi kangge panaliten sanesipun, mliginipun ingkang wonten gegayutanipun kaliyan ngelmu kebahasaan.

C. Pamrayogi

Adhedhasar dudutan saha implikasi ingkang sampun dipunandharaken, panaliti saged suka pamrayogi inggih menika kangge mahasiswa ingkang nyinau bab linguistik utawi basa, saged nindakaken panaliten ngengingi kajian panandha kohesi gramatikal saha leksikal ingkang wonten salebeting “Khotbah Jangkep” ing Gereja Kristen Jawa GKJ wedalan 1 Januari – 31 Maret 2013. Asiling panaliten menika ugi dipunajab saged dados referensi kangge panaliten salejengipun. BAB V PANUTUP

A. Dudutan

Adhedhasar asiling panaliten saha pirembagan babagan panandha kohesi gramatikal saha leksikal wonten salebeting “Khotbah Jangkep” ing Gereja Kristen Jawa GKJ wedalan 1 Januari – 31 Maret 2013, saged dipunpendhet dudutan kados ing ngandhap menika. 1. Jinisipun panandha kohesi ingkang dipunpanggihaken wonten salebeting “Khotbah Jangkep” wedalan 1 Januari – 31 Maret 2013 wonten kalih inggih menika. a. Panandha Kohesi Gramatikal 1 Referensi ingkang kapanggihaken antawisipun referensi persona, referensi demonstratif , saha referensi komparatif. 2 Substitusi ingkang kapanggihaken antawisipun substitusi nominal, substitusi frasal , saha substitusi klausal. 3 Elipsis 4 Konjungsi ingkang kapanggihaken antawisipun sebab-akibat, pertentangan , kelebihan aksesif, tujuan, penambahan aditif, pilihan alternatif, wekdal, perlawanan, konsesif, syarat, saha cara. b. Panandha Kohesi Leksikal 1 Repetisi ingkang kapanggihaken antawisipun repetisi anafora, repetisi epistrofa , repetisi epizeuksis, saha repetisi anadiplosis.