ngrumaosi, menawi dipun bandhingaken kaliyan bumi saisinipun, manungsa boten wonten punapa-punapanipun. Dipun bandhingaken Ø, Ø,
lan Ø, Ø namung alit,
Kanthi teknik lesap ing nginggil nedahaken bilih frasa bumi saisinipun saha tembung langit, rembulan, lintang saha manungsa menawi
dipunlesapaken, tuturan kasebat mboten nuwuhaken makna ingkang wetah utawi
tuturanipun tidak berterima. Bab menika nedahaken bilih frasa bumi saisinipun minangka superordinat saha tembung langit, rembulan, lintang saha manungsa
minangka hiponim kedah wajib hadir.
f. Ekuivalensi
Panandha kohesi leksikal ekuivalensi ingkang kapanggihaken wonten salebeting
“Khotbah Jangkep” wedalan 1 Januari – 31 Maret 2013 saged dipunwaos wonten ing ngandhap menika.
Nanging menawi amargi sasekecanipun piyambak lajeng ingkang kita kwasani risak utawi musna, boten wonten malih ingkang saged kita
kwasani. Saged ugi kita ndherek musna. Menawi kita ngwasani bumi lan tumindak sasekecanipun piyambak lajeng bumi punika musna, data 11 KJ
1 Januari.
Wonten data 11 ing nginggil menika nedahaken panandha kohesi leksikal ekuivalensi
. Bab menika jalaran dipunpanggihaken satuan lingual awujud
tembung kwasani saha ngwasani. Ing tuturan menika saged dipuntingali bilih tembung kwasani saha ngwasani menika nedahaken sesambetan kesepadanan
amargi asalipun saking tembung lingga ingkang sami, inggih menika tembung kwasa.
Ekuivalensi menika ginanipun kangge nedahaken sesambetan kesepadanan
antawisipun ukara setunggal kaliyan ukara sanesipun, kanthi titikan wontenipun
tembung-tembung ingkang asalipun saking tembung lingga ingkang sami
ananging dipunwuwuhi imbuhan. Saged dipuntingali bilih tembung kwasani saha ngwasani menika asalipun saking tembung lingga ingkang sami, inggih menika
tembung kwasa. Awit saking menika nedahaken bilih wontenipun kohesi leksikal ekuivalensi
menika njurung gemblengipun wacana. Data
menika salajengipun dipunanalisis kados ing ngandhap menika. 11 a nanging menawi amargi sasekecanipun piyambak
11 b lajeng ingkang kita kwasani risak utawi musna 11 c boten wonten malih ingkang saged kita kwasani
11 d saged ugi kita ndherek musna 11 e menawi kita ngwasani bumi
11 f lan tumindak sasekecanipun piyambak 11 g lajeng bumi punika musna
Data
menika salajengipun dipunanalisis kanthi teknik lesap kados ing ngandhap menika.
11 h Nanging menawi amargi sasekecanipun piyambak lajeng ingkang kita Ø risak utawi musna, boten wonten malih ingkang saged kita Ø.
Saged ugi kita ndherek musna. Menawi kita Ø bumi lan tumindak sasekecanipun piyambak lajeng bumi punika musna
Kanthi teknik lesap ing nginggil nedahaken bilih tembung kwasani saha ngwasani menawi dipunlesapaken, tuturan kasebat mboten nuwuhaken makna
ingkang wetah utawi tidak berterima. Bab menika nedahaken bilih kohesi leksikal ekuvalensi
saking tembung kwasani saha ngwasani kedah wajib hadir, saengga
paring makna ingkang cetha saha njurung gemblengipun wacana.