Pangertosan KOHESI GRAMATIKAL SAHA LEKSIKAL WONTEN WACANA KUMPULAN “KHOTBAH JANGKEP” ING GKJ (GEREJA KRISTEN JAWA).
1. Adhedhasar basa ingkang dipunginakaken minangka sarana kangge
ngandharaken, wacana saged kaperang dados sekawan kados ing ngandhap menika.
a. Wacana basa Indonesia Nasional, inggih menika wacana ingkang
dipunandharaken kanthi basa Indonesia. b.
Wacana basa Jawa lokal utawi daerah, inggih menika wacana ingkang dipunandharaken kanthi basa Jawi.
c. Wacana basa Inggris Internasional, inggih menika wacana ingkang
dipunandharaken kanthi basa Inggris. d.
Wacana basa sanesipun, inggih menika wacana ingkang dipunandharaken kanthi basa sanesipun, kadosta basa Belanda, Jerman, Perancis saha
sanesipun. 2.
Adhedhasar media ingkang dipunginakaken kangge ngandharaken maparaken, wacana saged kaperang dados kalih kados ing ngandhap
menika. a.
Wacana tulis seratan, inggih menika wacana ingkang dipunandharaken kanthi basa tulis utawi media tulis.
b. Wacana lisan, inggih menika wacana ingkang dipunandharaken kanthi
basa lisan utawi media lisan. 3.
Adhedhasar jinis panganggenipun, wacana saged kaperang dados kalih kados ing ngandhap menika.
a. Wacana monolog monologue discourse, inggih menika wacana ingkang
dipunandharaken dening paraga tunggal tanpa partisipasi paraga sanes.
b. Wacana dialog dialogue discourse, inggih menika wacana ingkang
dipunandharaken dening kalih paraga utawi langkung kanthi partisipasi. 4.
Adhedhasar wujudipun, wacana saged kaperang dados tiga kados ing ngandhap menika.
a. Wacana prosa, inggih menika wacana ingkang dipunandharaken kanthi
wujud prosa utawi gancaran. Wacana prosa wujudipun saged tulis saha lesan,ingkang wujud tulis cerkak, cerbung, novel, artikel, saha undang-
undang saha wujud lesan sesorah, khotbah, saha kuliyah. b.
Wacana puisi geguritan, inggih menika wacana ingkang dipunandharaken kanthi wujud puisi utawi geguritan. Wacana menika
saged awujud tulis geguritan kaliyan syair, menawi kanthi lesan geguritan saha syair ingkang dipungancaraken sarta lagu-lagu.
c. Wacana drama, inggih menika wacana ingkang dipunandharaken kanthi
wujud drama, kanthi wujud dialog utawi pawicantenan. Wacana drama ingkang awujud tulis naskah drama saha sandiwara, menawi ingkang
awujud lisan kadosta panganggening basa salebeting pamentasan drama, inggih menika pawicantenan antawisipun paraga drama.
5. Adhedhasar cara saha ancasing anggenipun ngandharaken wacana, saged
kaperang dados gangsal warni kados ing ngandhap menika. a.
Wacana narasi, inggih menika wacana ingkang nggatosaken urutaning wekdal, dipuntuturaken dening utama purusa utawi pratama purusa
wonten ing wekdal tartamtu.
b. Wacana deskripsi, inggih menika wacana ingkang ancasipun paring
gambaran utawi ngandharaken salah satunggaling bab miturut kawontenanipun.
c. Wacana eksposisi, inggih menika wacana ingkang dipunpaparaken,
mboten nggatosaken bab wekdal saha paraganipun. Wacana menika gadhah orientasi wonten ing pokok pawicantenan, sarta perangan-
peranganipun kaiket kanthi logis. d.
Wacana argumentasi, inggih menika wacana ingkang wosipun gagasan ingkang dipunjangkepi dhata-dhata minangka bukti, saha gadhah ancas
dening pamaos supados pitados babagan kaleresan gagasan kasebat. e.
Wacana persuasi, inggih menika wacana ingkang wosipun asipat ajakan utawi paring nasehat, mliginipun ringkes saha narik kawigatosan, sarta
gadhah ancas kangge paring pangaruh ingkang kuwat dening pamaos saha pamireng supados nindakaken nasehat saha ajakan kasebat.
Adhedhasar andharan ing nginggil babagan warna-warnanipun jinis wacana, saengga saged dipunpendhet dudutan inggih menika, wacana
“Khotbah Jangkep” ing Gereja Kristen Jawa GKJ kalebet wacana tulis, ingkang
dipunandharaken kanthi monolog. Adhedhasar wujudipun wacana, kalebet wacana prosa kanthi kategori wacana tulis amargi awujud artikel salebeting buku
utawi teks “Khotbah Jangkep”, wondene menawi dipuntingali saking jinis
panganggening wacana, “Khotbah Jangkep” kalebet wacana monolog. Wacana
“Khotbah Jangkep” kalebet wacana persuasi, kanthi ancas paring pangaruh