Kajian Wacana Andharan Teori
dipunpanggihaken jinis kohesi gramatikal saha leksikal antawisipun ukara. Jinis kohesi gramatikal
ingkang dipunpanggihaken inggih menika referensi iku, iki, kuwi, ngono, saha mengkono, substitusi tembung sesulih persona, klitika -e,
tembung sesulih panggonan, konjungsi ning, naming, ananging, nalika, mula, mulane, wasanane, pungkasaning, akhire, sebab, merga, amarga, mula saka iku,
saha supaya, saha pelesapan. Menawi kohesi leksikal ingkang dipunpanggihaken antawisipun repetisi, sinonimi, hiponimi, saha kolokasi. Panaliten kasebat ugi
dipunpanggihaken sewelas jinis koherensi antawisipun ukara, inggih menika penambahan
semana uga, uga, kejaba iku, perturutan ora let suwe, banjur, sabanjure, sawise, akhirewasanane, perlawanan nanging, ning, tapi, ananging,
penekanan malah, sebab akibat sebab, amarga, merga, jalaran, wekdal nalika
iku, wektu iku, syarat yen, nanging, sarate, cara banjur, sabanjure, langka- langkahe, kagunan gunane, bisa, penjelasan, saha penyimpulan dadi.
Kaunggulan panalitenipun Suryawati inggih menika wonten ing asilipun analisis
sarana kohesi
saha koherensi
. Wonten
panaliten kasebat
dipunpanggihaken wolung perangan kohesi saha sewelas koherensi antawisipun ukara. Kekirangan wonten panalitenipun Suryawati inggih menika basa ingkang
dipunginakaken kirang dipunmangertos, saengga sisah anggenipun mangertos maksudipun salebeting cariyos lare. Asil panalitenipun Suryawati saged
dipundadosaken pandom wonten ing panaliten menika babagan perangan kohesinipun.
Panalitenipun Suryawati kaliyan panaliten menika sami-sami ngrembag babagan kohesi. Bedhanipun panaliten menika mboten ngrembag perkawis
koherensi dene panalitenipun Suryawati ngrembag koherensi. Objek ingkang
dipuntliti ugi bedha, panaliten menika objekipun wonten salebeting kumpulan wacana khotbah ing GKJ. Menawi panalitenipun Suryawati objekipun wonten
salebeting cariyos lare abasa Jawi. Kaunggulan panaliten menika tinimbang panalitenipun Josep saha
Suryawati inggih menika, objek ingkang dipuntliti awujud kumpulan wacana khotbah wonten ing GKJ. Objek panaliten menika langka utawi dereng nate
dipunteliti panaliti sanes saderengipun original. Kaunggulan sanesipun inggih menika panandha kohesi ingkang dipunpanggihaken wonten panaliten menika
langkung pepak. Panaliten menika gadhah ancas ingkang wigatos, inggih menika paring pambyantu dening pamaos wacana
“Khotbah Jangkep” supados mangertos wosipun khotbah ingkang dipunandharaken kanthi cetha.