Cara Ngesahaken Data KOHESI GRAMATIKAL SAHA LEKSIKAL WONTEN WACANA KUMPULAN “KHOTBAH JANGKEP” ING GKJ (GEREJA KRISTEN JAWA).

70 pancen Ø wonge kaya ngene…nang ngomong ceplas- ceplos…nak ora trima ya mangg a…” wangsulanipun bu A. Tembung sesulih utama purusa aku menika kedah wonten amargi menawi tembung aku dipunlesapaken, tuturan kasebat mboten nuwuhaken makna ingkang wetah utawi tuturanipun tidak berterima . 2. Pangrantos punika dipun tindakaken sacara aktif ing salebeting tindak nyata rikala ibu Gusti Yesus paring dhawuh dhateng paladen, “Apa sadhawuhe marang kowe lakonana.”, data 2 KJ 20 Januari. Referensi Persona Nedahaken tiyang ingkang dipunmaksud wonten salebeting teks. 1. Jinis panandha kohesi  Pethikan teks ing data menika kalebet jinis kohesi gramatikal referensi persona . Bab menika jalaran tembung kowe ing data minangka sesulih madyama purusa tunggal ingkang nedahaken dhateng paladen. 2. Fungsi panandha kohesi  Fungsi panandha kohesi menika kangge nedahaken tiyang ingkang dipunmaksud wonten selebeting teks . Fungsi menika saged dipuntingali bilih tembung kowe ngrujuk dhateng satuan lingual wonten salebeting teks, inggih 71 menika paladen.  Data menika saged dipuntingali kanthi teknik lesap kados ing ngandhap menika. Pangrantos punika dipun tindakaken sacara aktif ing salebeting tindak nyata rikala ibu Gusti Yesus paring dhawuh dhateng paladen, “Apa sadhawuhe marang Ø lakonana Tembung sesulih madyama purusa kowe menika kedah wonten amargi menawi tembung kowe dipunlesapaken, tuturan kasebat mboten nuwuhaken makna ingkang wetah utawi tuturanipun tidak berterima . 3. Gusti Allah tansah setya ing gesang kita. Kita saged pitados bilih Panjenenganipun boten nate mblenjani janji, data 20 KJ 1 Januari. Referensi Persona Nedahaken tiyang ingkang dipunmaksud wonten salebeting teks. 1. Jinis panandha kohesi  Pethikan teks ing data menika kalebet jinis kohesi gramatikal referensi persona . Bab menika jalaran tembung panjenenganipun ing data minangka sesulih pratama purusa tunggal ingkang nedahaken dhateng Gusti Allah. 2. Fungsi panandha kohesi  Fungsi panandha kohesi menika 72 kangge nedahaken tiyang ingkang dipunmaksud wonten selebeting teks . Fungsi menika saged dipuntingali bilih tembung panjenenganipun menika ngrujuk dhateng satuan lingual wonten salebeting teks, inggih menika Gusti Allah.  Data menika saged dipuntingali kanthi teknik lesap kados ing ngandhap menika. Gusti Allah tansah setya ing gesang kita. Kita saged pitados bilih Ø boten nate mblenjani janji Tembung sesulih pratama purusa panjenenganipun menika kedah wonten amargi menawi tembung panjenenganipun dipunlesapaken, tuturan kasebat mboten nuwuhaken makna ingkang wetah utawi tuturanipun tidak berterima. 4. Bumi punika griya sesarengan. Punika ateges, sadaya titah mapan sesarengan ing ngriku, data 36 KJ 17 Februari. b. Referensi demonstratif Nedahaken papan ingkang dipunmaksud wonten salebeting teks. 1. Jinis panandha kohesi  Pethikan teks ing data menika kalebet jinis kohesi gramatikal referensi demonstratif . Bab menika jalaran tembung ngriku ing data minangka sesulih panuduh papan