Ancasing Panaliten KOHESI GRAMATIKAL SAHA LEKSIKAL WONTEN WACANA KUMPULAN “KHOTBAH JANGKEP” ING GKJ (GEREJA KRISTEN JAWA).

BAB II GEGARAN TEORI

A. Andharan Teori

1. Wacana

Tembung “wacana” menawi dipuntingali kanthi etimologis, asalipun saking basa ngamanca inggih menika Sanskerta wacwakvak, ingkang tegesipun ‘berkata’, ‘berucap’ utawi micara. Tembung wac ing morfologi basa Sanskerta, kalebet tembung kriya golongan III parasmaepada m ingkang sipatipun aktif , inggih menika ‘nindakaken ujaran utawi micara’. Sufiks pungkasan ana, gadhah teges ‘membendakan’ nominalisasi. Saengga, tembung wacana saged dipuntegesi ‘ujaran’ utawi ‘tuturan’ Mulyana, 2005: 1-3. Mulyana kanthi andharan sanes ugi paring pamanggih tegesipun wacana inggih menika, salah satunggaling perangan basa ingkang kompleks saha paling jangkep. Perangan salebeting wacana ngemot kados dene fonem, morfem, tembung, frasa, klausa, ukara, paragrap, dumugi setunggal karangan wutuh minangka satuan pendukung kebahasaan . Gayut kaliyan andharanipun Mulyana, Tarigan 1987: 27 ngandharaken pamanggihipun babagan pangertosan wacana inggih menika perangan basa ingkang jangkep, langkung inggil saking klausa saha ukara, gadhah kohesi saha koherensi ingkang sae , sinambung saking purwaka dumugi wasana, saha saged dipunandharaken kanthi lisan utawi tulis. Pangertosan kasebat nedahaken bilih anggenipun nyusun wacana kedah nggatosaken perangan-peranganipun, saengga mujudaken wacana ingkang wetah. Gayut kaliyan pamanggihipun Mulyana saha Tarigan, Sumarlam ugi ngandharaken pamanggihipun bilih wacana menika salah satunggaling perangan basa ingkang jangkep kanthi lisan kados dene sesorah, ceramah, khotbah, saha dialog , menawi kanthi seratan tulis kados dene cerpen, novel, buku, surat, saha seratan dokumen, ingkang dipuntingali saking wujudipun asipat kohesif, sami kaiket, saha saking maknanipun gadhah sipat koheren, terpadu, Sumarlam 2003: 15. Saking mawarni-warni pamanggih para ahli basa babagan pangertosan wacana ing nginggil, saged dipunpendhet dudutan bilih wacana inggih menika peranganing basa ingkang paling jangkep utawi pepak kanthi lisan sesorah, ceramah, khotbah, saha dialog dene kanthi seratan tulis cerpen, novel, buku, surat, saha seratan dokumen ingkang ukaranipun runtut saha gadhah kohesi kaliyan koherensi ingkang sae sarta gadhah kasalarasan makna saking purwaka dumugi wasana.

2. Jinisipun Wacana

Wacana saged kaperang dados mawarni-warni jinisipun adhedhasar panggolonganipun. Panggolonganipun jinis wacana kados dene miturut basanipun, piranti utawi media ingkang dipunginakaken, jinis panganggenipun, wujud, cara, saha ancas angggenipun ngandharaken Sumarlam, 2003: 15.