Paedahing Panaliten KOHESI GRAMATIKAL SAHA LEKSIKAL WONTEN WACANA KUMPULAN “KHOTBAH JANGKEP” ING GKJ (GEREJA KRISTEN JAWA).
anggenipun nyusun wacana kedah nggatosaken perangan-peranganipun, saengga mujudaken wacana ingkang wetah.
Gayut kaliyan pamanggihipun Mulyana saha Tarigan, Sumarlam ugi ngandharaken pamanggihipun bilih wacana menika salah satunggaling perangan
basa ingkang jangkep kanthi lisan kados dene sesorah, ceramah, khotbah, saha dialog
, menawi kanthi seratan tulis kados dene cerpen, novel, buku, surat, saha seratan dokumen, ingkang dipuntingali saking wujudipun asipat kohesif, sami
kaiket, saha saking maknanipun gadhah sipat koheren, terpadu, Sumarlam 2003: 15.
Saking mawarni-warni pamanggih para ahli basa babagan pangertosan wacana ing nginggil, saged dipunpendhet dudutan bilih wacana inggih menika
peranganing basa ingkang paling jangkep utawi pepak kanthi lisan sesorah, ceramah, khotbah, saha dialog dene kanthi seratan tulis cerpen, novel, buku,
surat, saha seratan dokumen ingkang ukaranipun runtut saha gadhah kohesi kaliyan koherensi ingkang sae sarta gadhah kasalarasan makna saking purwaka
dumugi wasana.