Nalaring Pikir KOHESI GRAMATIKAL SAHA LEKSIKAL WONTEN WACANA KUMPULAN “KHOTBAH JANGKEP” ING GKJ (GEREJA KRISTEN JAWA).
61
nedahaken panandha kohesi gramatikal saha leksikal. Mawi metode maos nyemak menika dipuntindakaken kanthi tliti. Wondene teknik nyerat katindakaken dening
panaliti kangge nyerat sedaya data ingkang dipunpanggihaken, pundi ingkang kalebet jinis panandha kohesi gramatikal saha leksikal lan menapa fungsinipun
panandha kohesi gramatikal saha leksikal. Cara utawi cak-cakan anggenipun ngempalaken data inggih menika :
1. Nyawisaken sumbering data ingkang badhe dipuntliti. Sumbering data
wonten panaliten menika, inggih menika “Khotbah Jangkep” wonten ing
Gereja Kristen Jawa GKJ wedalan 1 Januari
– 31 Maret 2013.
2. Nyemak kanthi cara maos sumbering data saha nemtokaken ukara ingkang
ngandharaken bab ingkang dipuntliti adhedhasar kriteria utawi indikator ingkang ngewrat bab panandha kohesi gramatikal saha leksikal. Kanthi
maos ingkang premati saha tliti, pramila saged ngempalaken saha saged nemtokaken datanipun. Data menika awujud satuan lingual kadosta
tembung, frasa, klausa saha ukara ingkang nedahaken jinis saha fungsi panandha kohesi gramatikal saha leksikal salebeting wacana
“Khotbah Jangkep”. Data ingkang ngandharaken jinisipun panandha kohesi
gramatikal saha leksikal menika dipunlarasaken kaliyan teori ingkang
wonten gegayutanipun. Salajengipun data ingkang dipunpanggihaken menika dipunjumbuhaken kaliyan konteks ukaranipun, salajengipun
dipundamel dudutan bab fungsi panandha kohesi gramatikal saha leksikal menika. Teknik maos menika dipuntindakaken kanthi premati, saengga
saged manggihaken data ingkang dipunbetahaken wonten ing panaliten.
62
3. Data ingkang kapanggihaken salajengipun dipunserat. Miturut Sudaryanto
1993: 135 ngandharaken bilih cara nyerat dipuntindakaken kanthi cara nyerat data ingkang sampun dipunpanggihaken wonten ing kartu data.
Salajengipun data menika dipunkelompokaken. Data ingkang sampun dipunserat wonten kertu data menika dipunpantha-pantha miturut jinis
kaliyan fungsi panandha kohesi gramatikal saha leksikal.