Ingkang gadhah badhe negor, Fungsi panandha kohesi

107 lingual sanesipun. Fungsi menika saged dipuntingali bilih tembung kwasani saha ngwasani menika gadhah makna ingkang sepadan saking tembung lingga kwasa.  Data menika saged dipuntingali kanthi teknik lesap kados ing ngandhap menika. Nanging menawi amargi sasekecanipun piyambak lajeng ingkang kita Ø risak utawi musna, boten wonten malih ingkang saged kita Ø. Saged ugi kita ndherek musna. Menawi kita Ø bumi lan tumindak sasekecanipun piyambak lajeng bumi punika musna. Tembung kwasani saha ngwasani menika kedah wonten amargi menawi tembung kekalihipun dipunlesapaken, tuturan kasebat mboten nuwuhaken makna ingkang wetah utawi tuturanipun tidak berterima . Saking tabel ing nginggil menika, saged dipuntingali bilih “Khotbah Jangkep ” ing Gereja Kristen Jawa GKJ wedalan wulan 1 Januari – 31 Maret 2013 menika dipunpanggihaken jinisipun panandha kohesi gramatikal saha leksikal . Panandha kohesi gramatikal ingkang kapanggihaken inggih menika referensi , substitusi, elipsis saha konjungsi. Wondene panandha kohesi leksikal ingkang kapanggihaken wonten ing “Khotbah Jangkep”, inggih menika repetisi, sinonimi , antonimi, kolokasi, hiponimi, saha ekuivalensi. Panandha kohesi gramatikal saha leksikal wonten salebeting ”Khotbah Jangkep” ing Gereja Kristen Jawa GKJ menika ugi kapanggihaken fungsinipun.

A. Pirembaganipun

Wonten ing bab menika badhe dipunandharaken pirembagan saking asiling panaliten ingkang sampun kaandharaken ing nginggil menika. Wonten ing pirembagan menika boten namung ngrembag bab jinis panandha kohesi gramatikal saha leksikal, ananging badhe dipunlajengaken kanthi ngrembag ngengingi fungsi saking panandha kohesi gramatikal saha leksikal. Cara menika dipuntindakaken amargi bab fungsi panandha kohesi gramatikal saha leksikal menika gadhah peranan ingkang wigatos ing salebeting ukara utawi wacana. Jinis panandha kohesi gramatikal ingkang kapanggihaken ing “Khotbah Jangkep” inggih menika referensi, substitusi, elipsis saha konjungsi, dene jinis panandha kohesi leksikal ingkang kapanggihaken wonten ing “Khotbah Jangkep”, inggih menika repetisi, sinonimi, antonimi, kolokasi, hiponimi, saha ekuivalensi. Pirembagan badhe dipunandharaken ing ngandhap menika.