Kolokasi Jinis saha fungsinipun panandha kohesi leksikal wonten salebeting

tembung-tembung ingkang asalipun saking tembung lingga ingkang sami ananging dipunwuwuhi imbuhan. Saged dipuntingali bilih tembung kwasani saha ngwasani menika asalipun saking tembung lingga ingkang sami, inggih menika tembung kwasa. Awit saking menika nedahaken bilih wontenipun kohesi leksikal ekuivalensi menika njurung gemblengipun wacana. Data menika salajengipun dipunanalisis kados ing ngandhap menika. 11 a nanging menawi amargi sasekecanipun piyambak 11 b lajeng ingkang kita kwasani risak utawi musna 11 c boten wonten malih ingkang saged kita kwasani 11 d saged ugi kita ndherek musna 11 e menawi kita ngwasani bumi 11 f lan tumindak sasekecanipun piyambak 11 g lajeng bumi punika musna Data menika salajengipun dipunanalisis kanthi teknik lesap kados ing ngandhap menika. 11 h Nanging menawi amargi sasekecanipun piyambak lajeng ingkang kita Ø risak utawi musna, boten wonten malih ingkang saged kita Ø. Saged ugi kita ndherek musna. Menawi kita Ø bumi lan tumindak sasekecanipun piyambak lajeng bumi punika musna Kanthi teknik lesap ing nginggil nedahaken bilih tembung kwasani saha ngwasani menawi dipunlesapaken, tuturan kasebat mboten nuwuhaken makna ingkang wetah utawi tidak berterima. Bab menika nedahaken bilih kohesi leksikal ekuvalensi saking tembung kwasani saha ngwasani kedah wajib hadir, saengga paring makna ingkang cetha saha njurung gemblengipun wacana. BAB V PANUTUP

A. Dudutan

Adhedhasar asiling panaliten saha pirembagan babagan panandha kohesi gramatikal saha leksikal wonten salebeting “Khotbah Jangkep” ing Gereja Kristen Jawa GKJ wedalan 1 Januari – 31 Maret 2013, saged dipunpendhet dudutan kados ing ngandhap menika. 1. Jinisipun panandha kohesi ingkang dipunpanggihaken wonten salebeting “Khotbah Jangkep” wedalan 1 Januari – 31 Maret 2013 wonten kalih inggih menika. a. Panandha Kohesi Gramatikal 1 Referensi ingkang kapanggihaken antawisipun referensi persona, referensi demonstratif , saha referensi komparatif. 2 Substitusi ingkang kapanggihaken antawisipun substitusi nominal, substitusi frasal , saha substitusi klausal. 3 Elipsis 4 Konjungsi ingkang kapanggihaken antawisipun sebab-akibat, pertentangan , kelebihan aksesif, tujuan, penambahan aditif, pilihan alternatif, wekdal, perlawanan, konsesif, syarat, saha cara. b. Panandha Kohesi Leksikal 1 Repetisi ingkang kapanggihaken antawisipun repetisi anafora, repetisi epistrofa , repetisi epizeuksis, saha repetisi anadiplosis.