Caranipun Ngempalaken Data KOHESI GRAMATIKAL SAHA LEKSIKAL WONTEN WACANA KUMPULAN “KHOTBAH JANGKEP” ING GKJ (GEREJA KRISTEN JAWA).
64
satuan lingual datanipun dados mapinten-pinten perangan utawi unsur, saha
unsur-unsur ingkang ingkang gayut kaanggep minangka perangan ingkang
mbentuk satuan lingual ingkang dipunmaksud. Teknik lanjutan ingkang dipunginakaken inggih menika teknik substitusi saha teknik lesap delesi. Cara
utawi langkah-langkah anggenipun nganalisis data wonten panaliten saged dipuntingali wonten ing ngandhap menika.
1. Data ingkang dipunpanggihaken salajengipun dipunkelompokaken utawi
dipunpantha-pantha jumbuh kaliyan wosing perkawis inggih menika jinis saha fungsi panandha kohesi gramatikal saha leksikal wonten salebeting
“Khotbah Jangkep” ing Gereja Kristen Jawa GKJ wedalan 1 Januari – 31 Maret 2013.
2. Data ingkang sampun samekta salajengipun dipunanalisis saha
dipunandharaken adhedhasar teknik saha teori ingkang dados landhesanipun.
3. Data ingkang sampun dipunanalisis lajeng dipunpendhet dudutanipun bab
jinis saha fungsi panandha kohesi gramatikal saha leksikal. Tuladha anggenipun nganalisis data kados wonten ing ngandhap menika.
Gusti Allah tansah setya ing gesang kita. Kita saged pitados bilih Panjenenganipun boten nate mblenjani janji. Data 20 KJ 1 Januari
2013
Wonten data 20 ing nginggil menika nedahaken satunggaling jinis
panandha kohesi gramatikal referensi. Tembung panjenenganipun miturut
jinisipun referensi kalebet referensi persona. Bab menika jalaran tembung
panjenenganipun nedahaken satunggaling tiyang, tiyang ingkang dipunmaksud
65
penutur menika merefer wonten salebeting teks. Tembung panjenenganipun
menika minangka sesulih pratama purusa pronomina persona III tunggal bebas wonten ing tuturan. Tiyang ingkang dipuntegesaken wonten tuturan kasebat
inggih menika Gusti Allah ingkang sampun dipunsebataken ing ukara
saderengipun.
Tembung panjenenganipun wonten tuturan menika fungsinipun kangge
nedahaken satunggaling tiyang inggih menika Gusti Allah, awit sampun wonten andharan ing ukara saderengipun. Saged dipuntingali saking andharan menika
bilih wontenipun referensi persona wonten salebeting wacana menika kangge nggayutaken ukara satungal kaliyan ukara sanesipun. Saengga ukara menika padu
saha saged nuwuhaken makna ingkang wetah. Data 20 salajengipun dipunanalisis kados ing ngandhap menika.
20 a Gusti Allah tansah setya
20 b ing gesang kita
20 c kita saged pitados bilih Panjenenganipun
20 d mboten nate mblenjani janji
Data menika salajengipun dipunanalisis kanthi teknik lesap kados ing ngandhap menika.
20 e Gusti Allah tansah setya ing gesang kita. Kita saged pitados bilih Ø mboten nate mblenjani janji.
Tembung sesulih pratama purusa panjenenganipun wonten tuturan ing nginggil kedah wonten utawi wajib hadir, amargi menawi tembung
panjenenganipun menika dipunlesapaken, tuturan kasebat mboten nuwuhaken
makna ingkang wetah utawi tuturanipun tidak berterima. Analisis ingkang
66
pungkasan data 20 menika dipunuji kanthi teknik substitusi kados ing ngandhap menika.
20 f Gusti Allah tansah setya ing gesang kita. Kita saged pitados bilih
panjenenganipun, piyambakipun mboten nate mblenjani janji.
Asiling anggenipun nguji kanthi teknik substitusi ing nginggil menika
nedahaken bilih tembung sesulih pratama purusa panjenenganipun saged dipungantos kaliyan tembung piyambakipun, amargi tembung panjenenganipun
saha piyambakipun gadhah jinis kelas ingkang sami.